Opa Opo Apa?

“Kopi ta, Man?”

“Opo, Rus?”

“Opa, opo… Tambah suwe kuping tambah…”

“Opo? Tambah opo?”

“Apa, opo neh…”

“Tambah curek ngunu, ta?”

“Lho yo krungu ngunu… Untung ae gak dlewer, Man Gondo.”

“Anggitmu dubleg, kopoken ngunu ta?”

“Lha peno ditakoni kopi ta… Opa opo ae.”

“Sing kurang penggawean ngunu awakmu. Wis ruh ben isuk ngopi, kok jik takon ae.”

“Lha ndelok peno nyaprut ngunu, yo abang-abang lambe tak takoni. Idhep-idhep ngetes peno, jik nyaut ta gak.”

“Anggitmu aki ta, kok tes barang.”

“Yo gak ngunu, Man. Sopo ruh pingin peno kopi opo. Kopi ireng ta kopi melk.”

“Ojok melk-melkan. Mari ngomong kuping ndlewer, gak kolu aku.”

“Capucino iki.”

“Gak kopi Cino-cinoan, Kopi Arab, ta Negro-negroan. Kopi Jowo ae, ireng, sing didheplok lumpang kentheng koyok biasae.”

“Olaopo isuk-isuk benceng cueng. Gak isin karo tonggo teparo ta yoopo?”

“Bojomu iku sing mbarahi, Sut.”

“Wis gak usah golek salah. Sing nggae kopi mundak mencucu ae, ngarahi udhekane gak ikhlas. Kopine dadi sepo.”

“Assalamuaaikum.”

“Waalaikum salam. Oh Dik Guru. Monggo mlebet.”

“Pinarak riyin Mas Guru. Peno klamben sik, Cak Besut.”

“Matur suwun. Ngapunten, injing-injing ganggu.”

“Mboten nopo-nopo Mas Guru. Man Gondo, peno kancani sik. Tak gae kopi,”

“Bade nyuwun serat ta, Nak Guru?”

“Mboten Pak De Gondo. Namung omong-omong, konsultasi. Nyuwun saranipun Pak Lurah Besut.”

“Bab nopo?”

“Niku lho Dhe. Soal seratan Boso Jawi.”

“Honocoroko, ta?”

“Mboten. Bab nulis latinipun.”

“Lha niki ngobrol kalih nyruput kopi.”

“Oh matur suwun, Bu Lurah.”

“Niki cocok Dik Guru. Ayo, Man. Jagongan karo Dik Guru. Kulopirengaken wau, kadose bab seratan lati Boso Jawi. Lha Njenengan lak ketua MGMP Boso Jawi?”

“Leres Pak Lurah. Konco-konco anggota sami sumelang lan bingung, ndadosaken agem-agem kemrunggi. Bade nglangkah ajrih klentu, padahal siswo lha nggih kedah diwucal.”

“Punjere masalah wonten pundi?”

“Seratan latine.”

“Oalah, jane senes masalah sing ageng.”

“Tapi mbingungaken. Malang migung pendapate tiang kathah.”

Gerdhu papak Parimono,

Ngetan thithik SMP endi,

Lek gak tepak yo dibendherno,

Tolek sepakat milih sing endi.”

“Kados pundi kantuke mbendheraken, ingkang dados bahasan seratan Njenengan.”

“Seratan sing pundi?”

“Makalah Bab Uri-uri Budaya Panji.”

“Sing pundi?”

“Opo niku nyerate OPO nopo APA?”

“Nek kulo nyerate OPO, tapi umume guru nyerat APA. Setunggal kalih sing sami kalih kulo.”

“Lha pundi sing leres?”

“Sedaya leres, mboten wonten sing lepat.”

“Maksud Njenengan?”

“Kalih-kalihe nggadhah dasar. Tapi sedoyo tiyang Jombang sing lepat, termasuk Lurah koyok kulo. MGMP Boso Jowo lepate lipat pitulikur. Ha ha ha…”

“Ha ha ha… Nalare kados pundi?”

“Nek ditingali, Boso Jowo niku ingkang ndamel lak njeber saking Blambangan ngantos sk kiwo tengene Purwokerto. Umpami didadosaken peta ngoten, paling mboten wonten Jowo Etanan, Jowo Kulonan, lan Jowo Ngapa’. Lha Jowo sing dianggep Baku niku lak Jowo Kulonan. Buku Pelajaran Boso Jowo lan guru lawas nggih ndamel Boso Jowo Kulonan niku.”

“Soale Boso Jowo Etanan kalian Boso Jowo Ngapak lak nggih namung logat utawi dialek. Mosok saget sing ten Jombang niki diarani Boso Jowo Jombangan?”

“Nggih kangelamun. Sayange dereng wonten sing nliti. Arane tetep Boso Jowo, namung Dialek Etanan kalian Dialek Ngapak. Lha Boso Jowo sing ten Jombang niku nggih turunane Boso Jowo Dialek Etanan, lan mungkin cumak diarani Isolek Jombangan.”

“Maksudmu yoopo se, Sut? Aku kok tambah bingung. Wong boso ae, kok. Mbok dilakoni ae, gak usah kekehan teori. Lak-lek, lak-leg, opo ae iku? Gayamu, lurah gak tau kuliah ae kemenyek.”

“Ngene lho Man Gondo. Masio gak tahu kuliah, saben Selasa aku wajib melok Konperensi Lurah nduk Kantor Kecamatan. Lha ketiban Camat sing kepingin lurahe pinter, gak kuper, cekne gak ketinggalan jaman; tiap acara iku mesti nekakno narasumber. Kadang ahli hukum, ahli bahasa, pakar seni budaya, pelopor pertanian, jago marketing online, lan sak piturute. Mangkane lurah-lurah kene dadi pinterm paling nggak, ruh sembarang kalir.”

“Leres Pak Besut, Arane mangke saget Boso Jowo Jombangan, Boso Jowo Dialek Jombangan, utawi Boso Jowo Isolek Jombangan, tergantung hasile penelitian. Lha sinten sing nliti mangke?”

“Nggih Njenengan Dik Guru. Luwih sae MGMP Boso Jowo, saget dicengkuyung bolo kathah.”

“Nanging MGMP mongso ngajeng mangke awrat, Pak Lurah. APBD pun mboten mbiayai. Arto BOS nggih mboten pareng didamel mbiayai uripe MGMP.”

“Wong Guru sakniki pegawe istimewa. Ben taun pangkate mundak lan angsal tunjangan profesi, nggih bantingan mawon, urunan sak eklase.”

“Ngaten nggih. Nanging wingi nggagas bade dicengklongaken TPP mawon pun saur-manuk. Kathah guru sing mboten setuju. Dereng nopo-nopo pun soyo kuli-masi kalian el-es-em, ngrumpyung pengurus MGMP. Boso Jowo.”

“Kurang syukure. Paling MGMP ndamel serat resmi, niku. Kedahe ndamel kotak amal perjuangan sak eklase. Aran dicengklongeken niku sing kirang pas. Utawi musyawaroh mawon, soal nginum, camilan, utawi maem; kapurih mbeto piyambak-piyambak.”

“Pun nate, wonten sing mboten nglebeti arto sumbangan, tapi surat umplung. Isine gae mbayar cicilan ae kurang, kok nyumbang. Soale blonjone nggih ngungkuli bayarane, padahal bayarane pun kalih lempit. Urunan panganan nggih pun nate, akhire sing kathah njagakaken bolo sing luman. Sing mboten mbeto malah nek maem telap-telep, koyok gak tau pethuk panganan.”

Ringin Conthong kuthane Jombang, wong sing kakhehan omong biasae angel nyumbang. Iku isine ndunyo, engko nek Gusti Allah nyumpet dalane ambekan, kait kroso.”

“Leres Pak Lurah. Kulo pun trauma kalian kuli-flash disc kalian el-es-em.”

“Pun ngoten tah. Wartawan, kuli-mangsi, ta kuli-flash-disc niku pendamelane lak nggih pados wartos ingkang mbimbangi. Prestasi niku santapane, nek diberitakno tiyane utawi lembagane remen. Nek wonten inovasi, kreativitas waarga niku camilan lan nginume. Nek wonten barang gak bendher, kebijakan kang nekek tiyang kathah, wartawan mambu irunge, dadi jamune. Kajenge ngoten barang gak bendher cekne dadi koyo kudune. Pados wartos sae niku nggih penggaweane. Lha nek wonten wortawan sing padhos-padhos, abal-abal, makelar perkoro; nggih niku isine ndunyo, mesti katutan sing ngoten niku, Wong tebu mawon alok boleng, ketelo mawon alok bongkeng.”

“Menawi el-es-em?”

“El-es-em nggih sami mawon. Tujuane swadaya masyarakat supados urip, hake kedah diparingaken, kewajibane nggih kudah dilampahi. Mbangun deso, kabupaten, ngantos negoro, nggih kedah dijak nyengkuyung sesarengan; sebab masyarakat nggih salah setunggale ingkang ndereng mangku-kepentingan bidang nopo mawon.”

“Lha bab MGMP Boso Jowo dos pundi?”

“Lha nek guru anggota MGMP urunan, nggih pun sak mestine. Jane ingksng usul nyengklong TPP niate nggih sae. Mboten wonten niap ngemplok dhewe, nggih didamel kepentingane MGMP, supadoe tetep iso musyawaroh. Tujuan ingkang luwih tebih, pangucape namung damel mancing sing nentokake angaran pemrentah Kabupaten, gak lali masilitasi guru, anggarane cek dilebokno tahun wingkinge.”

“Sakniki tetep biaya piyambak, nggih.”

“Sak mesthine, Dik Guru. Pegawe lintu mboten angsal TPP. Dados Njenengan syukuri mawon, supados dipun tambah kalian ingkang njatah yuswo kito. Amanate Undhang-Undhang, arto TPP 20% kedah didamel ningkataken kompetensi, kapasitas, lan kualias guru. Saget didamel kuliah malih, nderek pelatihan, workshop, studi banding, seminar, lan klebet kegiatan MGMP. Wong sedaya niku da=idamel minteraken guru lan nyelarasaken kinerja guru. Kedah eklas ngedalaken didamel urunan barang.”

“Lha nggih, balik malih masalah Boso Jowo, bab seratan latine.”

“Intine lak seratan A nopo O. Ngeten lho. Bab Boso Baku nggih disampeaken sak perlune. Boso Jowo sak niki lak klebet MULOK, Muatan Lokal. Sing utama nggih Boso Jowo sing mlampah tel lokal mawon, ngriki nggih Jombang.”

“Dados menawi wonten Jombang kedahe ndamel A nopo O?”

“Nek Budaya Arek, klebet Jombang, saene ndamel O kalian merhateaken situasi lan kondisi. Tiyang Jawa Timur utaminipun Jombang sak pengetan, tiyange breh, njobo njero podho; antara isi atine, sing metu teko lambe…”

“Iler ta?”

“Omongan Man Gondo, ketoro nek jago ngiler.”

“Ha ha ha…”

“Antarane isine ati, omongan sing metu teko lambe, lan prilakune kudu podho. Tulisan iku perlambang sing klebu prilaku. Nek ngucapno A yo mocone A. Nek tulisane O yo mocone O. Iku jujur jenenge. Wong Jombang iku podho karo Wong Ngapak. Wong Ngapak gak gelem ngganti tulisan, tapi mocone sing milih A, tapi ditambahi hamzah.”

“Hamzah paklike Nabi Muhammad ta?”

“Senes Dhe Gondo. Hamzah nik aksoro kados K.”

“APA, wong Solo Jogja diwoco OPO. Nek wong Ngapak apa diwoco APAK. Lha wong Jombang, mocone tetep OPO, tapi nulisa moh APA, tapi OPO.”

“Ngoten nggih Pak Lurah.”

“Iku panemu kulo. Tapi kulo mboten oleh nang dhe, kudu ngunu. Mangkane kulo nyuwun wonten penelitian, dilajengaken Sarasehan nopo konggres, damel mutusaken. Dasare nggih Kajian Akademis hasile penitian.”

“Alhamdulillag, nek ngoten kulo nggih lego. Bismillah, kulo ajake konco MGMP Boso Jowo. Sing purun urunan nggih alhamdulillah, Allah ingkang paring piwales. Sing mboten purun nggih kersane, mboten mekso.”

“Lha niku, sip.”

“Lho kopine ngantek adhem gak disruput.”

“Gaekno Rus,”

“Man Gondo, Rek.”

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Mbulete Utang

Sekolah Mbarek Zonasi

Bingung Kate Kuliah Nang Ndi

Puli ta Pungli?

Sastra Ta Sastro?

Buku dan Merchandise