Aturan Salah Kaprah

“Kaliwungu asale Cak Durasim,
Ngritik Nipon dadi ndang patine.
Maringunu atine guru dadi kaincim,
Njiwir Sipon ae dadi dowo urusane.”

“Plandi munu pepundene Pak Santik,
Pandanwangi omahe Pak Culeke.
Dadi guru saiki kudu sing ati-ati,
Niat mulangi apik, malah dadi ciloko.”

“Sampean leren ae Dik Guru, urusan mulange. Ngramut rosokan ae, jelas bathine. Paribasane bayaran guru limang juta gedhene, tapi ati mir-mir bendino. Ngramut rosokan po-o, gak perlu wa-riwi, gak usah tar-muter utek, cukup lungguh nimbangi rongsok; sewulan iso rang-pirang puluh juta.”

“Timbalane manah, De Sumo. Bapak riyin nyekolahaken kulo, cek saget amal ilmu. Bungah rasane manah, menawi lare asale mboten saget dados saget.”

“Amal ilmu nang anaku ae, podho ae Dik Guru. Jo kuwatir, tak bayari.”

“Pun nuruti omongane Sumo, Nak Guru. Sampean wulangi ngantek ndomble yo tetap tolah-toleh. Wurung ngamalno ngelmu, malah kenek omelan. ”

“Jo ngunu ta, Man Gondo.”

“Lha kebacut awakmu. Nggolek guru sing gelem nduk ndeso angele gak ngglani, ate kok jak ngrosok.”

“Lha suk-isuk Dik Guru bojone ponakanku iki ngudoroso, sambat dadi guru saiki. Ngertiku yo soal rongsokan, yo tak tawani.”

“Nggih, jane De Sumo mboten lepat, nanging jiwo kulo mboten dateng urusan dol-tinuku, mboten saget nyang-nyangan, tur mboten mentalan. Bondho pinten mawon cures.”

“Pun bendher Dik Guru, tiyang niku pun dibagi-bagi kalian sing ndamel gesang. Remene benten-benten, prigele nggih benten-benten. Lha nek sami sedoyo, akhire royokan.”

“O, Lurah Besut. Kluyuran ae, gak ngantor ta?”

“Iyo, cumak iki pas goleki Bayanku kok wis suwe gak nate ngantor.”

“Dadi bayan penggaweanku ngeterno surat.”

***

“Wangsul bab guru.”

“Nek nurut kulo, nggih pun talah. Ngintir mawon, asal mboten kintir.”

“Opo bedane ngintir karo kintir, Lurahku Besut?”

“Ngintir iku yo ngetut tapi gak katut, soale roso lan pikire jik melok nyetir, tetep waspodho. Onok watu lan alangan, yo dilesi. Onok ulekan yo sing ati-ati. Ngintir iku malahan manfaatno energi sing ngalir, dadi iso ngirit tenogo.”

“Lha nek kintir?”

“Kintir iku yo nggedebok, mbajul mati, pasrah nang iline banyu, nerak watu bencel kabeh, kecanthol, kesangsang. Atine mati karep, pikirane buntu. Akhire gak duwe dhoyo, kelangan tenogo.”

“Lha terus yoopo guru-guru iku, Sut?”

“Yo gak yok-yok. Mulang ae sak mesthine. Kedadean ngunu iku lak sewu siji. Cumak saiki gak cumak ono koran, radio, lan tivi; tapi onok internet, media sosial opo ae gak karuan kehe. Biyen isone liwat komputer. Saiki hape nduk sake murid, guru, wali murid; wartawan koran, tivi, warto online; siap nyebarno sak ndunyo. Kedadean saiki nduk sekolahan, saiki langsung iso nyampek nang raine bumi kabeh. Dadi cepet kesuwur. Kesuwur apik gak popo, la nek kesuwur elek… blaen.”

“Mathuk yoan.”

“Sak liyane wartawan, sing wajibe yo golek berita, onok yoan wong-wong sing peduli arek, pegiat sosial, pemerhati ham, lan liyane. Sing abot lak mbedakno antarane sing temenan — biasane ancene nglindungi arek; ambek sing palsu — biasane makelaran perkoro.”

“Lha terus yoopo?”

“Yo tenang ae. Nek memeti koyok babon kate ngendog, tambah salah langkah, salah omong, lan salah laku. Sak sekolahan sing rukun. Nek onok sing kenek musibah yo diewangi bareng-bareng, paling nggak ojok nambahi ruwet. Tahu kedadean koncoku Mojoagung, guru rajin, disiplin, ngukum arek saking jengkele, Jane mok nggepuk karo gulungan koran, tapi dadi urusan dowo nganti dipindah. Koran gulungan digepukno geger, munine ancene banter, tapi gak nggarakno loro, opo maneh cidro. Wanine nggepuk polane wong tuwane murid yo nate ngomongi gurune, nek anake ndablek diken ngajar ae. Lha murid saiki nggowo hape kabeh, canggih pisan, akhire divideo. Polane gak rukun, onok konco guru gak ngredem, tambah ngiliri cagak, sms nang bolo media, LSM. Gembuk!”

“Akhire sak Jombang ruh kabeh.”

“Sak ndunyo.”

“Tapi jare wingi aku krungu onok aturan sing mbebasno guru ngukum murid, gak kate dipidana, soale niate ndidik.”

“Tapi hukum saiki kadang gak golek bendher temenan. Sing pinter lesan yo slamet. Lha masio bendher, sing ngglundung semprong yo benjut kabeh. Bendhere hukum iku bendher relatif, bergantung sing merjuangno, mbuh coro temenan ta coro curang. Sing bendher iso digawe salah, sing salah iso digawe bendher. Kuncine lak saksi lan bukti-bukti. Tapi nek sing pas kuwoso asline bedenggik, yo ajur negoro. Tapi gak usah kuatir. Gusti Allah gak turu. Gak suwe mesthi dibukak blak.”

“Lha jane bendher iku sing yoopo?”

“Jare wong pinter, bendher iku onok telu: bendhere dhewe, bendhere wong akeh, lan bendher sing sejati. Lha bendhere hukum iku yo sak jrone nomer loro, yoiku nggolek mbedhere wong akeh, syukur-syukur iso nyidheki bendher sing sejati, bendhere sing nggawe urip.”

“Lha saiki sembarang kalir duwik. Sing mlarat yo kalah terus. Atuk ndi kate nyewo pengacara.”

“Jane tiap lembaga pengadilan iku duwe dana gae bantu terdakwa sing gak duwe duwik. Iso nyewo pengacara karo dana iku maeng, tapi jarang sing gelem. Mungkin gak ruh utowo gak ngerti carane. Padahal jane liwat Lembaga Bantuan Hukum yo iso.”

“Wis Sut Lurahku. Jok ngomong urusan hukum, tambah miris.”

“Nggih Pak Lurah. Kados atur Njenengan, sak sekolahan kudu rukun. Niki gampil diomongaken, naging mboten gampil dilampahi.”

“Jane nggih Kepala Sekolah ngajak guru-guru lan karyawan nyamekaken karep, cek mboten sing siji ngalor, sing siji ngidul, wanten malih sing siji yo ngalor yo ngidul.”

“Ewet Pak Lurah. Rambut saget sami cemenge, tapi atine mboten saget. Kantenan nek atine ireng jelas ireng, putih jelas putih, padahal mesthi wonten sing atine lorek. Niki sing ngruweti sekolahan.”

“Pun ngoten. Dasare tiyang niku, nggih guru barang, asale sedaya sae, kados kertas. Terserah sing nulisi. Masio kadung cemloret potlote, mblobor tintane; tetep saget disetip.”

“Kangelamun.”

“Lha sikap pesimis niku sing bahaya. Nopo mawon saget owah dados sae. Kedah yakin, percoyo ten Pengeran sing gadhah Kun Fayakun.

“Lha misale cne yok nopo?”

“Sing penting nggadah kesepakatan sareng-sareng, kanti roso optimis. Manah kedah remen.”

“Misale? Besut Lurahmu jok beng-mubeng.”

“Misale soal ukuman. Opo ae maceme ukuman. Endi sing oleh, endi sing gak oleh.”

“Misale…”

“Dijabarno bareng. Maceme ukuman, misale ono ukuman jasmani utowo fisik lan ukuman rokhani utowo ukuman nonfisik.”

“Sing jasmani misale?”

“Ukuman jasmani sing oleh opo ae, lan sing gak oleh opo ae, Misale gak oleh ngukum nggawe alat, koyoto: garisan, banyu, wesi, lan sak piturute. Dadi cukup nganggo tangan. Ngukum nganggo tangan gak oleh ngeneki ndas, kejaba…”

“Lho kok onok kejobo?”

“Kejobo njiwir, masio kuping nemplek ndas. Tapi njiwir gak oleh ngantek mbinget. Sing gak oleh misale nabok, ngaplok, ngampleng, njundhu, nempiling, ngethak, nyotho, nggibeng, nyongor cangkem, nyangar irung, nguyek rambut, nggebeg kuping, nyethot pipi, lan sak piturute.”

“Aturane ditulis?”

“Kesepakatan iki kudu dirumusno watese, dijabarno pengertene, digambar modele, lan ditandatangani kabeh. Sing paling apik, Komite sekolah melok tanda tangan. Wong tuwo murid sak durunge dijak rapat Komite Sekolah lan jajaran sekolah kalian nandatangani pernyataan hasile musyawarah.”

“Kok tambah njlimet, Pak Besut.”

“Mboten, karo guyon ae, tapi iso dadi paugeran, supoyo kabeh tambah ati-ati tapi gak ragu-ragu, gak agem-agem kemrunggi.”

“Tapi guru nggih wateke macem-macem.”

“Watek macem-macem niku karunia Alloh. Kedah disyukuri. Sing penting iso milah-milahno urusan. Nek mari rame nduk omah, yo murid nduk sekolahan ojok digawe pelampiasan.”

“Lha lapo?”

“Urusan nduk omah bukune kudu ditutup. Dibukak buku sing urusane karo mulang nduk kelas. Nek nduk omah sumpeg, nduk kelas dadekno hiburan. Gawe suasane kelas sing seneng, iso dadi panglipure ati.”

“Padane tau dadi guru ae.”

“Elek-eleko tau ngludruk. Nglawak pisan. Sumpeg gaktak pamerno, Tugasku mok situk, nggawe wong iso ngguyu. Wong nontok lawak iku cek lali utange. He he he…”

Plandi, 23 November 2016

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Kathik Mos Mosan Barang

UKG Online

E-PUPNS

Pemetaan Iku Ndas Dipethak Ta?

SMK
Sekolah Mari Kerjo

Buku dan Merchandise