Kathik Mos Mosan Barang

Nang Gunung Anyar ae ngos-ngosan barang,
Mulihe kathik mampir bluron nduk grojokan.”

“Nduk ndi onok gunung anyar, Cak Sumo? Gunung Wurung nduk Pojok Gumulan iko ta?”

“Aku cumak parikan tiron awakmu, Besut.”

“Oalah… Lha maksud peno opo?”

Nang siswa anyar ae athik MOS-MOSan barang.
Mburine kate digae ajang jlog-gojlokan
.”

“Peno ngerti ta, opo MOS iku?”

“Masio gak lulus SR, duk blok-gobloke wong, aku iki. MOS iku lak Murid Oriental Sirkus.”

“Jare ruh, ngawur!”

“Lha krunguku ngunu. Pokoke onok orientale. Biasane lak onok hubungane karo sirkus.”

“Lha peno ngomong soal gojlokan maeng lapo?”

“Ngene lho Sut? Mungkin ae murid-murid, anakku barang, dikon njungkir walik, penek-penekan, njegur-njegur, penthalitan koyok sirkus iko.”

“Kliru peno iku. MOS iku Masa Orientasi Siswa.”

“Iku meh podho ae. Siswa iku Murid. Oriental meh podho karo orientasi…”

“Yo gak podho se Cak Sumo. Oriental Sirkus iku lak gae hiburan. Nek orientasi siswa iku gae ajang cek podho ngenal. Kadang ancene diimbuhi otbon, cek ngerti kerja-bareng, cepet-tanggap, kendel, gak agem-agem kemrunggi.”

“Nek kenalan lak cukup salaman, nyebut jeneng.”

“Sing perlu dikenalno gak cumak podho konco.”

“Lha opo neh?”

“Guru mbarek karyawan yo perlu dikenalno.”

“Guru lan karyawan kon jer-jejer, muride antri salaman lak cukup.”

“Kahanan lan toto-aturane sekolah yo cek ruh.”

“Kari dipotokopi terus dibagekno lak cukup.”

“Iku lak model biyen, model otoriter. Saiki toto-aturan kudu digawe bareng, nglibatno murid lan wong tuwane.”

“Kakehan pertingsing iku. Tambah nglunjak kabeh.”

***

“Sekolahan iku sing mangku kapentingan gak cumak guru lan karyawan thok. Murid, wong tuwo murid, pemerintah, Yayasan, masyarakat kudu dirungokno lan digape karepe.”

“Iku jenenge lek-nggolek penggawean. Ngumpulno wong akeh seje-seje karepe. Gak tambah toto, malah tambah bingung.”

“Peno ancene kakehan ngurusi rosokan kok Cak Sumo Gambar.”

“Opoo nek ngurusi rosokan? Ngrepoti awakmu ta Lurah Besut?”

“Gak blas, cumak pikiran peno iku kudune yo dirosokno.”

“Sing enek koen nek ngomong.”

“Lha wis kedaluwarso. Gantien sing anyar, gawien coro saiki. Ojok nggugu karepe dhewe, tapi rungokno karepe liyan.”

“Gak tleten nek aku.”

“Ngene lho Cak Sumo. Nek sekolahan nggae aturan nglibatno maneko pihak, mburine entheng. Aturane digawe lan disepakati bareng. Nek nglanggar dikei sanksi opo yo disepakati bareng. Nek onok sing duwe prestasi diparingi hadiah opo yo disepakati bareng. Akad sepakat gak cumak nduk lambe, ditulis, dikei materai, ditandatangani bareng.”

“Gelem ta wong tuwane?”

“Yo gelem thok. Kabeh wong tuwo kepingin anake apik. Arek saiki luwih nggugu omongane guru tinimbang wong tuwane. Lha nek onok kesepakatan katulis, guru, wali kelas, kepala sekolah, lan liyane gak perlu muring-muring nang siswa, gak perlu uber-uber murid. Onok sing salah yo kari ngongkon muride nyebut salahe lan sanksi-ukumane opo. Nek sing jik entheng salahe, sanksine yo entheng. Nek abot salahe nganti sanksine kudu pindah ta metu, yo kari nggawekno surat pindah ta mundur.”

“Kejem iku Besut Lurahku! Sido gak payu sekolahane.”

“Gak kejem, malahan nggarakno siswa mikir ping telu-lekur nek kate nglakoni salah. Kanggo wong tuwo malah matur nuwun, polane anake malih tertib. Wong tuwo sing bendher yo nggolek sekolah sing tertib. Anggitmu gak sumpeg ta wong tuwo, nek anake thongkrongan sak nggon-nggon, padahal durung wayahe buyar.”

***

“Lha opo maneh?”

“Lha iku Pak Guru segleng-segleng mari mulang. Ayuk takon, cek luwih jelas.”

“Moggo Dik Guru. Kadungaren pun ndhang-klendhang mantuk?”

“Nggih Dhe Sumo. Nuwun sewu Pak Lurah. Niki wau namung rapat soal MOS.”

“Lha niku sing kulo enteni. Niki wau nggih pas ngobrol soal MOS. Jane yoknopo MOS niku.”

“MOS sak niki benten kalian riyen. Ndugi Dinas Pendidikan nggih pun wonten pedomane. Tapi sekolah nggih saget nambahi sak perlune, nyecekaken kahanane piyambak-piyambak.”

“Lha intine nopo, Dik Guru?”

“Intine nggih supados luwih ngenal sedaya mawon bab ingkang nyangkut sekolahan. Sepindah nggih supados saget luwih kenal awake dhewe-ndewe.”

“Arek pelo iku sing gak kenal awake we-dhewe.”

“Sak niki jaman ilmu. Nek jenenge dhewe, jenis kelamine, panganan senengane; kabeh pun semerep. Tapi soal watek khase, macem-macem potensi kecerdhasane, condhong prilakune, gaya sinaune, gaya pituture; kedah dites lan diukur. Ngukure ngangge ilmu.”

“Lha gunane nopo?”

“Nggih kathah. Guru nek ngajar saget ngepas carane, mboten digebyah uyah. Wonten siswa nek ngrungokno gampang nyaut, tapi wonten sing nek moco gampang nyanthol. Tiap siswa niku unik, mboten sami. Nek wonten siswa sing usil, tangane utawi omonge mboten saget leren, lenggahe kedah celak guru, nek perlu ten bangku ngajeng, Nek mboten, ngrusuhi kancane. Lha MOS niku gunane ngenal sing ngoten.”

“Lha kok tambah njlimet sekolah saiki.”

“Siswa Anyar nggih dikenalkan guru-guru lan karyawan lintune. Guru kathah nggih seje-seje wateke. Siswa supados ngenal watek lan kompetensi gurune.”

“Niku nggih maksude MOS?”

“Tasik kathah. Blegere sekolah nggih siswa perlu semerep. Visi, misi, lan tujuane sekolah yo kudu diduduhaken, lan nek perlu wonten revisi tahunan, nggih dirembug bareng-bareng.”

“Kabeh sekolah lak tujuane minterno siswane. Gae nopo dibah-ubah?”

“Secara umum pancen tujuane minterno siswane. Mangkane wau kulo sebut visi, misi, tujuan. Jane nggih saget diterusaken sasaran, wujud program, lan pilihan kegiatan. Visi niku lak cita-citane sekolahan cek saget diukur, mboten kemoncolen. Misi damel langkah-langkah ngranggeh visi. Nembe tujuane saget dijabarno secara rinci, dilajengaken program lan kegiatan. Lha niku siswa kedah ngertos. Nggih liwat MOS niku.”

“Wis, wis. Moh dadi kepala sekolah. Tak ngurus rosokan ae.”

“Mbarakan sopo sing ndadekno kepala sekolah peno, Cak Sumo.”

Nguwongno Wong

“Ndelok sekolahan saiki aku kok bingung.”

“Lapo kok bingung, Man Gondo?”

“Jamanku SR biyen cukup bondho sabak karo grip. Nek biji apik yo dicapno nang pipi. Tapi nyatane arek biyen yo dadi-dadi. Saiki ndelok arek cilik-cilik gawanane buku sak tas. Isine ilmu kabeh ta? Dadi wong kabeh ta?”

“Mosok kate dadi bedhes, Man? Cumak, dadi wong sing yoopo iku tiap sekolah duwe cara dhewe-dhewe. Ngoten Pak Guru, nggih?”

“Leres Pak Lurah. Menawi dititi ingkang teliti. Tiap undak utawi jenjang benten-benten tujuan lan carane menungsaaken menungsa. Tiap padepokan, pondok, utawi sekolahan nggih benten tujuan lan carane.”

“Maksude yoknopo Pak Guru?”

“Terose ahli ndidik Thomas Amstrong, siswa PAUD kalian TK dunyone nggih dulinan utawi basa umume bermain. Umur-umur sak menten dereng ngangge operasi logika ing sak jerone ngemati dunya sak lingkungane. Deweke nggadhah pangucap khas ingkang cerdhas. Mangkane butuh lingkungan sosial ingkang aman lan saget asah asih. Kedah ditebihaken pangucap larangan ’ojo, gak oleh,’; soale iso mejahi imajinasi lan kreativitase. Ugi mbiten pareng nyentak kalian ulat sing medeni, suwanten ingkang inggil frekuensine, soale saget nyepetaken pruning utawi logroke sinaps ten uteke. Akhire larene wedian, mindheran, lan saget trauma.”

“Lha mosok dulinan thok Pak Guru. Padahal mlebu SD/MI saiki nganggo didelok kepinterane dungo-dungo ibadah, matematika, basa Inggrise barang.”

“Jane sedaya niku mboten masalah, asal cara mucale kalian dulinan. Sak niki kathah kok cara mucal kalian kuis, lomba, lan lintune. Dados dulinan kedah dados punjere kegiatan tumbuh-kembange pribadi lare. Lha masa orientasi utawi taarufe nggih mowo guyon.”

“Guyon-guyon parikeno, Pak Guru.”

“Lha niku.”

“Nek lare SD/MI yok nopo?”

“Nek siswa SD/MI utaminipun nggih ngangge ajar kenal alam semesta, ajar laku nyengkuyung utawi partisipasi ing sak lebete urip bebarengan, lan menawi diperloaken ndamel miniatur masyarakat ing sak jrone kelas. Sing dibetahaken namung kasunyatan urip. Lha masa orientasi utawi taarufe nggih ndamel analogi utawi tiruan isine kauripan. Prosesipun kedah nyenengaken siswa sedaya.”

“Mboten podho nggih Pak Guru? Lha menawi SMP yoknopo? Anak kulo bade mlebet SMP.”

“Menawi SMP/MTs betahe ngajak utawi ngungkit karep ajar aktif nurut unike pribadi siswa. Dados sing penting guru saget dados mbimbing lan maringi teladan dateng siswa. Kedah dados lampahe ajar ingkang mujudaken sintesa energi saking maneka ilmu. Kedahe hasilipun energi siswa inkang ageng, saget nuntun nemokaken identitas pribadi siswa. Nek mboten, saget mblaeni. Salah kedaden. Kadhung bengkong, angel dilurusaken. Lha masa orientasi utawi taarufe nggih sageto ngedhuk inner-potensi siswa, supados cepet ngenal lan ngembangaken kalian daya-guna lan hasil-gunan ingkang pas.”

“Anak kula SMP pol angel ngature. Lha nek pun SMA yoknopo Pak Guru?”

“Menawi SMA/SMK/MA ngoten sing penting nyiapaken supados siswa luwih siap urip mandiri, kados ing dunyo temenan. Siswa kedah dipun ajak ningali lan nyathet rencana uripe. Mulai nyerat sing pun dilampahi awi lair sampek mlebet SMA/SMK/MA niki. Lajeng diajak ngrancang nglajengaken urip ngantos umur 80 tahun. Sak niki minate kados nopo, target sekolahe, nyambutgawene, omah-omahe, mangsa tuweke.”

“Lha MOS-e kedah yok nopo, Pak Guru?”

“Sing utama nggih siswa dipun ajak ngrancang uripe lan nggagas masa ngejenge utawi masa depane. Supados lulusane nggih siap kerja, siap kuliah. Kerja saget nderek tiyang riyin, dados pegawe. Uga saget damel usaha piyambak, supados saget nampung tenaga liyan sing mbutuhaken kerja. Nopo malih sekolah SMK. Tahun niki target siswa SMK luwih kathah. Nek saget 70%. Tapi nggih sedaya sekolah kedah sak wajare, pun angah-angah. Gak usah mekso mlebet injing – siang. Nopo malih ngangge elek-elek sekolah liyan. Mundak kualat, murid akeh gak barokah, malah panen masalah.”

Plandi, 21 Juni 2015

Buku dan Merchandise