Bingung Kate Kuliah Nang Ndi

Mari tuku kusen gae omahe anakku,
tapi kate nutukno, duwike cumpon.
Lulus satus persen sekolahane anakku
Kate nerusno kuliah, jik gupuh takon.”

“Gupuh takon apane neh se, Mo? Nek karep kuliah yo cek ndaftar.”

“Yo takon bendhere kuliah nang ndi, Man Gondo.”

“Lha urusan kuliah ojok takon bendere, tapi karepe anakmu. Anakmu kepingin kuliah nang ndi lak ngunu?”

“Karepe ngunu nang Pakultas Khukum, tapi aku gak ngolehi.”

“Lha lapo gak kok olehi?”

“Saiki usume wong nggae dulinan khukum. Ndang-undang ae digae bandulan. Bender salah diwolak-walik. Enak ndunyone durung mesthi, akherate jelas sorone. Dadi intipe neraka, Man.”

“Glani Mo, kemenyekmu. Penggaweane awakmu lak yo biasa molak-malik omong.”

“Eleke cek mandheg nang aku ae, Man Gondo. Ojo ngantek anakku niru. Ngapiki keturunan, Man. Sak lek-eleke bapak, kepingin anake apik. Maling ae kepingin anake dadi guru, supaya omongane isok digugu ambek ditiru.”

“Bendher awakmu bab iki, Sumo Gambar.”

“Lha kate yoopo? Mumpung aku mampu nguliahno, yo golek unipersitas sing iso nylametno ndunyo-akherate, nyenengno ndunyo akherate, tur mulyakno ndunyo akherate?

“Lha terus kate kok kongkon kuliah nang ndi?”

“Bingung aku. Kate nang Akpol ta Akabri, kabare kudu siap duwik sak milyar. Kate tak kon nang kedokteran, elek-eleko kudu siap duwik limang atus juta. Akhire karepku yo cek sekolah guru ae.”

“Jane sekolahno nang jurusan bangunan ae. Saiki wong mbangun gak nok lerene, soale wong gae omah gak nok preine. Kakehan wong, butuh omah kabeh. Sekolahan lan kantor yo gak nok let, mbangun terus.”

“Tapi co-konco kontraktor yo sambat kabeh. Kakehan sing njaluk didumi. Padahal yo wis oleh bayaran kabeh. Lha nek kudu nuruti, lak pada ae karo gae cuthik geni neraka. Nek omah, wong wis pinter mbangun dewe-dewe.”

“Saiki wis jamane, Mo. Ojok sok semuci.”

“Gak sok semuci, Man. Mosok bapake iki wis glutheh duso, anake yo njegur nang blumbang duso?”

“Lha iku onok bendhere, Mo. Lha terus kudu kuliah nang endi? Kok melok bingung, aku.”

“Lha yo, wong loro iki kok padha bingunge.”

“Salahe omahmu gak nok cagake, Rus, malih gak iso gocekan nek pas bingung ngene iki.”

“Lha sekolahe anak ae kok ndadekno bingung, se Cak Sumo. Turutono karepe ae. Nek gak cocok karepe, arek iku yo gak nok semangate, ilang tujuane. Nek cumak wedi peno, kuliah gak nok gunane.”

“Aku wedi Rus, engko ndang Gimo yo dadi wong koyok bapakne iki. No-dino mbujuki wong. Wesi, plastik, lan liyane regone mundak; tak warah mudun.”

“Iku ae lho Cak, sekolahno STPDN ta opo saiki jenenge. Pokoke sekolah sing disiplin, sing ketat, lan sing wis jelas lulusane, gampang kerjone. Utowo mesisan nang jurusan agama. Ilmu opo ae, agamane tambah kuat.”

“Lha nek jurusan agama, nek lulus kerjone opo, Rus?”

“Jurusan opo ae, gak kurang penggawean.”

“Dadi guru lak yo iso, milih Tarbiyah. Mlebu Bank yo ditrimo. Jurusan opo ae saiki mlebu opo ae iso.”

“Ngawur ta koen iku Rus?”

“Bank saiki sak mbrek. Sing direkrut gak milih jurusan. SMK, SMA jurusan opo ae diterimo. Sarjana jurusan opo ae ditrimo. Anggere lulus test.”

“Lulus tese iku sing angel. Kangelamun, Rus.”

“Syarate gampang. Nomer siji jujur. Nomer loro semangate dukur. Sing ketelu karep belajare gedhe.”

“Angel Rus. Anakku mbeler, ngalem, tapi keras.”

“Yo cek dadi pengusaha ae. Gak diprentah wong.”

***

“Aku kit maeng ngrungokno obrolan peno karo Cak Sumo Gambar. Wis bendher karepe Cak Sumo, ojok nganti anake tiron bapakne, supaya dadi wong mulyo ndunyo akherat.”

“Kudu ngaren Besut, Lurahku. Awakmu jik iki ngelem aku.”

“Nek bendher mosok kate tak salahno? Cuma peno yo onok klirune.”

“Kliru sing ndi? Jelasno Sut.”

“Niat peno ngapiki keturunan wis tak syukuri. Gelem nguliahno anak yo apik pol, Cak Sumo.”

“Lha kliruku nduk endi?”

“Kliru peno menggak karepe arek. Babahno deke milih kate kuliah nang ndi. Bah nang hukum, kedokteran, teknik bangunan, utowo liyane.”

“Nek mene-mene rusak yoopo? Emoh Sut.”

“Maksud peno cek dadi guru ngunu ta?”

“Karepku ngunu.”

“Opo isok dijamin, nek wis dadi guru mesthi apik

“Akeh apike. Nek ono sing mblehar yo siji loro.”

“Kabeh profesi iku apik Cak Sumo. Dadi ahli hukum, ahli bangunan, ahli pengobatan, ahli keuangan, dadi opo ae sing dibukak jurusan kuliahe yo apik kabeh. Cumak siji loro sing mblehar.”

“Tapi nek dadi guru lak iso ngamalno ilmune, dadi amal jariyahe.”

“Mraktekno ilmu kedokteran, ilmu bangunan, ilmu manajemen perduwikan, lan liyane yo ngamalno ilmu. Nyuntuhi dadi ahli sing apik yo amal jariyah, Mo.”

“Amal jariyah yo amal nang mesjid, nang sekolahan; amal bondho, amal ilmu.”

“Dadio dokter nek gelem nuntun, muruki, nuturi pasen lan masyarakat bab kesehatan; yo podho karo amal. Ngekei conto prilaku sing apik, nek ditiru wong akeh kaapikane, yo amal Cak Sumo. Ahli bangunan yo ngunu. Liyane yo ngunu.”

“Sok-isok ae awakmu Besut, Lurahku.”

“Mangkane ojo digebyah uyah. Kabeh urusan iku akeh apike. Sing elek yo siji loro. Sing akeh yo wong sing wedi neraka. Soal sekolah kudu mbayar liwat mburi, mbangun mbayar iko-iki, pingin njabat kudu mbayar; iku munu penggaweane wong spekulasi, makelar, lan juru sogokan. Salahe awake dewe gampang ngandel omongane makelar. Thithik-thithik wedi gak katut, gak ketrimo, gak oleh bantuan.”

“Wis gak ngomongno iku. Mbakas kuliahe anak peno ae.”

“Enake nang ndi kuliahe Gimo, Besut Lurahku?”

“Nek panemuku yo ngunu. Berangkate kudu teko niat. Sing penting takonono niat lan karepe anak peno sing temen. Ojok nganti katut grubyuk sak kancane, gak ruh dasare. Sing penting maneh, kudune yo milih sing pikirane nutut.”

“Lha anakku iki gak patek pinter. Bijine yo rodok pas-pasan.”

“Ojo ngremehno kemampuane anakmu.”

“Kenyataan iku Rah.”

“Gak usah dibahas Mo. Mungkin bijine wingi elek, polane iso macem-macem. Gak usah kok vonis anakmu kendho, bodho, thela-thelo. Jare para ahli, utek sing dibungkus ndase awake dhewe iki, luar biasa. Sing kanggo gak nganti 5 persen. Jik onok persediaan 95 persen luwih, jik nganggur. Nek Pengeran karep, diungggahno kanggone utek anak peno dadi 10 persen ae, madani Pak Habibi.”

“Onok ae koen iku Lurah Besut.”

“Iki temen, gak guyon. Syarate atine anak peno kudu seneng, gak peno pekso. Jarno cek ngudal karepe atine. Ojo dipenggak, cukup peno kei pertimbangan. Jaken diskusi, opo sebabe deke milih iku, alasan utamane opo. Karepe mene-mene nek dadi wong, pingin dadi wong sing yoopo. Jaken goleki kesulitane ngubah kerepe ati dadi kenyataan.”

“Kesuwen Mo. Nek ngomong ambek anakku, rame thok, dadi tukaran.”

“Masalahe kuping peno arang kanggo.”

“Wis. Anggitmu dublek ta aku?”

”Sopo sing ngarani peno gak krungu?.”

“Lho mungkir. Jaremu kupingku arang kanggo.”

“Kliru tangkep awak peno, Cak Sumo. Kuping peno munu paling tengen.”

“Lho kok walik.”

“Gak malik Cak. Maksudku peno iku kurang gelem ngrungokno omongane liyan, termasuk omongene anak peno. Nggugu karep peno dhewe. Tapi nek dilokno wong karo bisik-bisik ae peno krungu. Berarti lak tengen.”

“Lha terus yoopo anakku kuliahe?”

“Turutono karepe. Keono pertimbangan. Nek onok gagale klebu, peno gak disalahno anak.”

“Tapi nek gak klebu kuliah nang negri yoopo?”

“Ealah, negri — swasta padha ae. Tergantung areke. Klebuo nduk negri nek polane dikarbit nduk les-lesan yo tambah soro. Daftar drop-out nduk ITS, UNER, lan liyan sing akeh yo polane pinter karbitan. Lulusan perguruan tinggi swasta Jombang yo sak mbrek sing ditrimo PNS lan pegawe liyane. Sing sukses wiraswasta tambah mblader.”

“Gak gengsi klebu swasta, Sut.”

“Peno golek gengsi ta barokahe ilmu?”

“Yo barokahe ilmu! Tapi nek ketrimo nduk negri lak yo iso dibanggakno.”

Plandi, 21 Februari 2015

Buku dan Merchandise