Digitalisasi dan Bangkrutnya Akal Sehat Kita

Lha zaman saiki, pikirane wong-wong kok bisa ngelakoni opo sing diomongke HP, dudu nuruti apa sing didadekke akal sehat. Wong nyekel HP kok luwih mesra timbang nyekel tangan anakmu dewe. Apik tenan, to? Ra ngerti maneh sing jenenge wedang jahe anget karo obrolan hangat, kabeh diganti scrolling video 15 detik, sing isine mbokmenawa bocah nyemprot sabun kelem tikus terus nari karo backsound dangdut koplo. Opo ora mumet kuwi?
Soal brain rot—otak bosok, otak lemes, otak kakehan dopamin tapi gak isa mikir. Halah, saiki kabeh pengin cepet, lucu, viral, terus ilang. Dadi informasi saiki nasibe kaya gorengan: panas bentar, gurih sedetik, terus lali. Pikirane jadi cemong, ora mateng.
Algoritma, itu dalang digital zaman now. Kowe ora milih nonton opo, sing milih HP-mu. Kowe cuma disuapi, digiring, dijejeli konten recehan. Lha wong jenenge feed, ya kudu dipangan, to? Tapi sing dipangan otakmu, dudu wetengmu. Opo ora nggrantes?
Sekresi dopamin iku pancen menyesatkan. Rasane enak, sing diomongke nglucu, ngeselin, ora penting, tapi yo pengin nonton maneh, maneh, lan maneh. Lah, iku adiksi sing canggih. Ora perlu narkoba, ora perlu alkohol, cukup konten viral. Kabeh dadi candu. Gak kerasa, fungsi kognitif ambruk pelan-pelan. Ra kroso, tapi roto. Otakmu wis ora ngerti bedane serius karo guyonan. Wong nonton bocah nari nganggo lagu dangdut horror remix kok didadekke referensi gaya hidup?
Generasi Z lan generasi alfa—bocah-bocah sing sejatiné kudu dadi inovator, malah kelangan kemampuan mikir kritis. Dheweke kuwi kudué mikir masa depan, tapi saiki malah rebutan jadi “food vlogger” mung karena pengin endorse bakso beranak. Konten pangan saiki, sing muncul dudu riset gizi, dudu sistem pangan berkelanjutan, tapi mie setan level 200 sambel setan, dilawan es krim rasa jengkol. Wis mboten waras.
Soko sudut pandang sosial, layar gawé iku jebakan betmen. Wong dadi males ngobrol, males dolan, males ngrungokke wong tuwa. Sabanjure, ora iso mbedakke: kancane virtual ora podo karo sedulur sejatine. Lha yen uripmu mung isine emoji karo sticker WA, kapan kowe nyawang matane kanca sambil ngopi lan ngobrol jero?
Tapi yo ngene, le… salah sapa? Sing disalahke HP, apa algoritma? Apa kita dewe sing ra gelem melek? Teknologi kuwi netral. Gawene kita milih, arep dadi budhak algoritma opo dadi makhluk merdeka sing mikir. Tapi repote, wong saiki ogah mikir. Suka dengan yang ringan-ringan, yang cepat ditelan, tanpa perlu dikunyah. Pikirane ngopi kopi instan, dudu kopi tubruk yang diendhep sedino sakdino nganti ngelotok rasane.
Nah, kene letak kontemplasine: opo kita gelem ngorbanake kemampuan mikir demi kenyamanan digital? Opo kita siap generasi penerusmu ora ngerti bedane nilai lan viewer? Opo ora waktune kita nggagas literasi digital, sing bukan sekadar bisa buka Google, tapi bisa mikir, bisa milih, bisa nolak. Merdeka saka jebakan viralitas.
Mungkin kudu kita balekke: HP tetep canggih, tapi sing megang kudu luwih canggih. Algoritma tetep pinter, tapi sing nonton kudu luwih pinter. Konten tetep lucu, tapi otakmu kudu serius. Sebab yen ora, ya kita wes kalah karo video 15 detik, sing nggolet viewer, ning ninggal akal sehat.
Sing pungkasan, Nak… kabeh iki ora mung perkara teknologi. Iki soal jiwa, soal arah bangsa, soal masa depan peradaban. Apa kita pengin dadi bangsa yang pinter mikir, atau cuma bangsa yang pinter scroll?
“Ngopi wae disaring, masak informasi ora?”—dalam mimpimu yang setengah sadar
Pola konsumsi pangan Apabila dikaitkan dengan penurunan kualitas konten digital secara global, angka dan data di atas tentu menjadi kekhawatiran baru. Informasi dangkal dan sensasional mengenai pangan dapat memengaruhi pola konsumsi pangan masyarakat. Beberapa studi menunjukkan konten makanan di media sosial lebih banyak menggiring audiens ke pola makan yang kurang sehat, meski tetap ada kreator konten yang mempromosikan gizi seimbang. Akurasi informasi cenderung harus mengalah pada kepentingan engagement. ”Brain Rot”, Algoritma, dan Tanggung Jawab Platform Global ”Brain Rot” Mengintai Generasi Muda ”Brain Rot” Mempercepat Penyebaran Hoaks Serial Artikel
Pola Konsumsi Pangan dan Revolusi Otak Instan
Lha saiki, pangan pun jadi korban digital. Gizi dudu soal karbohidrat, protein, vitamin, mineral… tapi soal likes, views, dan comment fire emoji. Dadi panganmu saiki ditentukan bukan oleh kebutuhan tubuh, tapi oleh kamera HP lan algoritma Instagram. Sing penting plating-nya apik, sambelnya muncrat, pedesnya level setan, ora penting awakmu mlempem sakmene.
Beberapa riset nuduhake, konten pangan sing viral iku seringnya malah nuntun wong nyoba panganan sing ora sehat. Lha, yo jelas… sapa sing ndelok salad sayur doang terus nge-like? Kalah karo video “mie godog rasa neraka” disiram kuah lava sambil ditaburi keju, cabai, mercon, lan sedikit keputusasaan.
Akhire, engagement numpuk, akurasi remuk. Nomer timbang kebenaran. Data kalah karo drama. Akal sehat dikandangi. Wong ora peduli pangan sing sehat, sing penting viral. Wong ora peduli pangan sing berkelanjutan, sing penting bisa dicekek sambil mewek-mewek acting pedes.
Padahal pangan iku perkara dasar. Urusan papan, sandang, pangan—iki pondasi bangsa. Tapi saiki pangan malah dadi konten receh, disuguhake mung supaya bisa golek endorse. Lha, yo mbuh… pangan jadi tontonan, dudu tuntunan. Nah iki, sing mbikin mumet. Jebule sing ngatur uripmu saiki dudu guru, dudu kyai, dudu orang tua—tapi engineer Silicon Valley. Sing ndadekke kowe milih nonton video ayam geprek ketemu pasta carbonara, ya sopo maneh nek bukan algoritma. Algoritma iku malaikat digital sing ora iso dilawan, kecuali kowe gelem melek.
Kabeh digiring—dari pangan, kesehatan, agama, politik—kabeh disetting sistem. Kabeh kudu cepet, sing penting rame. Brain rot dadi wabah. Fungsi kognitif rusak pelan-pelan, kayak ban bocor alus, ra kroso nganti jebluk.
Platform global? Sok suci. Isine pidato etika digital, slogan “creating a better world”, tapi mbokmenawa dalemane mung soal monetisasi. Lha piye? Wong konten hoaks disebar luwih cepet timbang klarifikasi. Wong fitnah lebih menguntungkan daripada fakta. Wong sengaja dibikin stupid, supaya gampang dikontrol.
Sapa sing paling kena? Bocah cilik. Bocah bocah. Bocah kita. Anak-anak saiki ora ngerti lagi mangan opo, ora ngerti pangan asalé saka endi, ora ngerti kenapa petani penting. Tapi ngerti carane golek lighting sing pas supaya mie rebus katon glowing. Pangan didadekke konten, petani dilalekke.
Generasi muda dicekel dening HP: tangan nyekel gadget, mata nyala, tapi otak padam. Pendidikan ora iso saingan karo TikTok. Guru kalah karo selebgram. Wong tua kalah karo YouTube Kids. Wong sinau geografi karo Minecraft, belajar biologi lewat meme. Lha piye, iki revolusi digital, tapi tanpa revolusi akal.
Tambah parah maneh, otak lemes iku gampang kemasukan hoaks. Informasi palsu mlebu lewat konten ringan: sambel pedes dicampur teori konspirasi. Siji menit nonton review mie level 100, sakmenit sabanjure nonton “bukti bumi datar dan NASA bohong”. Lha kok bisa?
Otak sing ra dilatih mikir kritis, gampang percaya omongan viral. Lha wong ngelmu saiki didadekke becandaan. Hoaks disebar karo stiker lucu lan backsound jedag-jedug. Tanggung jawab informasi dioper ke netizen. Platform tutup mata. Negara bingung kudu apa. Wong waras dadi minoritas. Iki dudu sekadar krisis pangan, tapi krisis pikiran. Pangan digiring konten, konten dikendalikan algoritma, algoritma dipasang karo niat ngedol iklan. Dan umat manusia? Dikejar dopamine, lali mangan sing bener, lali mikir sing bener.
Yen generasi saiki mangan asal viral, mikir asal rame, mbesuk opo jadine? Panganmu menentukan masa depanmu. Tapi saiki panganmu disetir sopo? Otakmu disetir sopo?
Dadi tak jaluk, Nak… ojo mung mangan informasi. Kunyah. Cerna. Rasakke. Beda antara pangan sehat lan pangan viral iku beda antara hidup lan ilusi. Ojo nganti awakmu kenyang, tapi pikiranmu kelaparan. Sebab bangsa sing sehat dudu bangsa sing viral, tapi bangsa sing ngerti bedane sambel karo simbol. []
Nitiprayan, 14 Juli 2025
