Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man. Riwa-riwi, nang ngarep nang mburi, mlebu kamar metu kamar. Onok sing peno toleki, ta?”

“Duk urusanmu.”

“Kok sengol se Man, jawaban peno?”

“Sopo sing gak jengkel…”

“Lalapo peno jengkel? Jengkel nang sopo, polane opo?

“Sumo Gambar jarene nyusul, gak teko-teko. Mari sarapan malih lesu maneh. Mari ngopi malih kecut maneh.”

“Yo dienteni sing tenang. Lungguh kene lho. Sarapan neh ta? Opo imbuh kopi?”

“Moh tambah kelempoken aku.”

“Kate dijak nang ndi, se?”

“Embuh, jare nang Jatiduwur.”

“Jatiduwur pinggire Kali Brantas iko ta?”

“Iyo.”

“Kate nanggap Wayang Topeng ta?”

“Gak ruh, rapat jarene.”

“Cak Sumo Gambar gak seneng barang seni, paling yo gak teko. Bareng aku ae, Man.”

“He, Sut. Awakmu yo diundang ta?”

“Yo mesti se Man. Wong Seni Wayang Topeng iku klebu Budoyo Panji tinggalane Mojopahit. Yo kudu dijogo lan diwet-wet.”

“Tapi deke wingi ngomong teko.”

“Wong Sumo ndeng-ndeng ser ae kok. Bareng aku ae.”

“Numpak opo awakmu, Sut?”

“Yo sepeda Norman iku. Endi maneh katene.”

“Sumo jare nggowo brompite utowo gondhang-gandung.”

“Tapi gak teko-teko. Wis bareng aku ae. Cek gak telat.”

“Tapi Sumo yoopo nek nyusul mrene?”

“Cek ditututi, nek pethuk nduk dalan, peno barengo.”

“Lha awakmu nggenthirit mancal Norman?”

“Gak popo, Man.”

“Yo wis, bareng awakmu ae.”

“Dik Rusmini, Dik. Man Gondo bareng aku,”

“Yo Cak Besut. Sing rukun lho nduk dalan. Ojok tukaran koyok arek cilik. Tak sangoni dungo, budhal slamet mulih slamet.”

***

“Gak ngunune, Sut, kit kapan koen ngaiti?”

“Ngaiti opo, Man?”

“Senewen.”

“Isuk-isuk kok ngarani aku senewen, gak popo ta peno, Man?”

“Numpakmu buwanter, iki dalan nggronjal. Maeng bareng Sumo lak liwat dalan aspal liwat Santrean, Sentul. Awakmu ngajak mblusak-mblusuk kampung, nyabrang kali, ngukur tuwangan. Jik adoh ta Jatiduwur? Mbelani wayang Topeng, gak dadi abahan awakku engkok.”

“Peno ilo, Man. Kari nggandhol ae, ngecace gak leren-leren… Kudune sing sambat lak yo aku, sing nggonceng karo mancal.”

“Ojok banter-banter ta, Sut. Dalan gronjalan ngene, gak kuat aku. Goncengane gak nok mpuk-mpukane, bokongku rencem malihan, kenek goncengan wesi.”

“Lho, terus ae nggremeng…”

“Ruho ngunu ngenteni Sumo Gambar aku maeng.”

“Peno enteni nduk kene ta? Aku tak terus.”

“Ojok. Iyo nek Sumo liwat kene. Nek gak, aku lak ketlarak nduk kene.”

“Mangkane, ojok crewet ta Man.”

“Lha goncenganmu atos. Nek kejagul watu, koyok dientrok-entrokno. Rencem kabeh bokongku.”

“Sing nggarahi iku yo gudhik nduk bokong sampean roto paling. Mangkane sempak iku sedino dekek bak, cek diumbah Rusmini.”

“Sungkan, Sut.”

“Lha timbangane peno wolak-walik ae. Mosok sempak siji dadi sak minggu.”

“Jane keono empuk-empukan.”

“Koyok balita ta? Wis Gerang kok njaluk empuk-empukan. Tengu ae ngguyu kemekelen.”

***

“Olaopo se Sut, wayang topeng kathik diuri-uri?”

“Lho iku pesugihane daerah, Man. Dimi-mi, diemen-eman.”

“Lha tapi nggone adohe koyol ngene.”

“Peno lali ta nglali?”

“Bab opo?”

“Jaman cilikanku. Meh ben bengi aku peno jak nontok ludruk. Dapako nyepeda, ngosel. Mosok lali, Man? Nontok Ludruk Masa Baru ngantek Pendhem Jombok. Nontok Gambus Misri Bintang Sembilan nduk Kedungsari, Kendalsari.”

“Yo iling, Sut. Tapi biyen karo saiki gak podho. Opo maneh Wayang Topeng, Sandur Manduro, Kentrung Jatimenok. Iyo nek Ludruk ngunu paribasane nyabrang segoro tak lakoni.”

“Ludruk, Besutan, Wayang Topeng, Sandur iki yo kudu diuri-uri, cek gak amblas, punah.”

“Tapi nek wayang topeng yo wis ketuweken. Angel ngramute.”

“Yo gak oleh ngunu, Man. Nek Ludruk ngunu jik akeh sing ngramut. Budoyo asli ngene iki kudu tetep diramut. Nek perlu onok museum seni barang, Nek gak, mawut, Man.”

“Kangelamun, Sut. Jane yo dipilah-pilah, sing jik iso dikembangno, yo diramut. Tapi nek wis ketuweken, ngrepoti thok. Babalah mati. Mbarakan wis gak nok sing kenal.”

“Ngunu ta, Man? Dadi nek wis ketuweken, gak nok gunane diramut yo, Man?”

“Iyo, percum tak bergun.”

“Enake dikapakno.” 

“Jarno, gak nok gunane diramut, Sut.”

“Gak mentolo, Man.”

“Tegak-tegakno.”

“Ngunu yo, Man?”

“Yo iyo se. Tapi kudu ngaren awakmu nggugu omonganku?”

“Yo mesthia ae se, Man. Omongan peno tak anggep wasiat.”

“Anggitmu aku kate mati, ta? Wasiat, wasiat!”

“Omongane wong tuwo, tak gugu.”

“Dikubur ae pikiran ngramut Wayang Topeng. Wong wis ditulis nduk buku. Onok sing takon, cukup dikandani, dijelasno nek wis mati. Wis wayahe. Godhong ae, nek wis kuning yo kudu gelem rontok, disapu, mlebu pawwan, diobong. Entek-enteki bondho, tenogo, yo wektu, nek ngramut barang.”

“Aku yo setuju, Man.”

“Iku baru jempol, nganut pamane bojomu, yo pamanmu.”

“La mumpung iki pinggir kali gedhe, leren sik, Man.”

“Kate lapo?”

“Karepku peno njeguro kali gedhe iki.”

“Terus lapo?”

“Timbangane ngrepoti. Lha gae opo ngramut peno, wong wis tuwek ae. Babalah mati.”

“Aku iki jik urip!”

“Njeguro, cek ndang mati. Nek onok sing takon, tak kandanane. Engko tak gawekno Buku Yasin Tahlil, Foto peno tak pasange sak halaman. Diundangno wong sampek pitung ndinane, petampuluh dinane, satusdinane.”

“Sut, gendheng ta koen iki?!”

“Wong godhong ae nek wis kuning yo kudu gelem rontok, disapu, mlebu pawwan, diobong.”

“Sut, koen tego mentolo karo pamanmu!”

“Lha urip kok crewet gak entek-entek. “

“Kok mentolo koen.”

“Ilang-ilangan, Man. Pepunden tambah suwe tambah gak makan tutur.”

“Tapi ojok dipateni.”

“Aku lak nogngkon njegur, sopo sing mateni?”

“Podo ae.”

“Aku lak cumak nuruti omongan peno. Gae opo wis tuwek ae diramut.”

“Wayang topeng maksudku.”

“Wayang Topeng munu ciptaane leluhure awake dhewe. Lha sing jik urip yo marisi. Warisan yo kudu diramut.”

“Gawenane menungso gak podho karo gawenane Pengeran. Aku iki gawenane Pengeran, kate kok guwak-guwak. Kuwalat awakmu. Gawien pikiranmu. Bedakno. Gaweane Pengeran iso ngguyu iso nangis. Nek topeng, mringis yo sak lawase.”

“Nek ngunu untu peno iku copoten. Untu palsu gawenane menungso.”

“Mbarakan, pulisi ae gak nglarang, awakmu nglarang-nglarang. Masio untu palsu ono gunane. Ge kecapan, tur cek gak ketok kampong. Pahama?”

“Yo paham, Man. Mangkane topeng iku ojok mok peno delok ujude thok.”

“Lha apane neh?”

“Koyok untu peno, topeng iku cumak digawe sarana. Mbedakno wong elek karo wong apik. Pentase Wayang Topeng digawe tontonan, tapi isi critane iso digawe tuntunan, mangkane nek iso ayo tetep diramut, ditoto sing apik, cek iso digawe tentenan.”

“Lha iku teruse yoopo?”

“Wis, gak usah njegur. Saiki peno melok aku terus ta balik ngosel?”

“Mbalik ae, ambek awakmu. Gak wayang topeng-topengan.”

“Tak jegurno nek jik crewet ae…”

“Gak gak wis, melok awakmu ae. Tapi ojo suwe-suwe.”

“Lho pancet ae. Entenono kene, sak mbalikku.”

“Moh, ditenggo wong ngemis gelandangan engkok.”

“Wis ndang nyengklak.”

***

“Lho Cak Sumo Gambar? Kok nduk kene peno?”

“Jik buru teko.”

“Jare ngampiri aku?”

“Gak iling. Ru-buru aku budhal. Sing ketok wajahe topeng thok. Lha wajah Man Gondo lak koyok topeng.”

“Tak siplak koen engkok, Mo!”

“Jo ring-muring, Man Gondho.”

“Wis wong loro iki, nduk omahe wong yo rame ae. Kene ae, aku tak nemoni bolo-bolo, sik.”

***

Ri-mburi jenenge buntut, wo-dowo arane tali.
Ri-uri yo wis ndak nutut, wo-gowo topenge tak beli.”

“Karepmu yoopo Sumo Gambar. Lapo budhal ndhisiki.?”

“Nyusul awak riko pethuk Besut tambah kakehan lambe. Budhal disik ae, nemoni sing duwe topeng, nding-ngrundhing.”

“Ngrundhing apane?”

“Aku nyumbang gae topeng anyar, slawe yuto.”

“Kesugien ta awakmu, kekno aku po-o.”

“Nek awak riko njaluk duwik, kari ngomong, Man Gondo. Tau ngonangi Sumo Gambar medhit karo riko, ta Man?”

“Yo gak yoan, tapi nganeh-nganehi awakmu kok kepingain mbantu Kesenian Wayang Topeng. Gelem gawekno topeng anyar, tapi topeng bejat kok gowo? Ketemu piro nduk pikiranmu?”

“Seket topeng ping limangatus ewu, pas slawe yuto.”

“Ngrungokno pengajiane sopo awakmu, kok medhitmu ilang?”

“Kit biyen Sumo Gambar luman, bendino gak kurang satus ewu kecekel tangan peno.”

“Iku lak nyogok aku, ojok-ojoki Rusmini cek pisahan karo Besut.”

“Iki yo podho.”

“Nglalar gawe awakmu. Wingi sambatan gak duwe duwik. Saiki nyumbang sak munu kehe.”

“Aku eklas, ojok dijok-ojoki wurung.”

“Bethithetmu gak ngandel tembung eklas.”

“Jok me-rame. Peng-topeng lawas tak pek, Man Gondo.”

“Gendheng pindho koen iki. Nggawekno anyar, sing lawas wis gak karuan rupane dipek. Gae opo?”

“Jok ter-banter. Lo-bolo topeng engko onok sing krungu.”

“Maksutmu?”

“Ki rahasiane aku karo peno.”

“Berarti awakmu gayane thok nyumbang? Tapi oleh pulihan tekok endi?”

“Mosok budhuo aku, Man Gondo…”

“Karepmu?”

“Topeng lawas iku muni regane.”

“He?”

“Peng-topeng lawas munu barang apkiran yo klebu barang antik. Siji topeng iso payu lima sampek sepuluh yuto. Topeng Panji Asmara Bangun karo Dewi Sekartaji yo iso payu paling larang.”

“He? Gendheng mangan topeng. Nek seket topeng iso oleh rongatus seket sampek limangatus yuto? Aku bagiono, nek gak tak lapurno.”

“Ndo-Man Gondho, jok ngok-bengok.”

“Berati awakmu nggowo dhuwik akeh iki?”

“Olaopo nggowo dhuwik akeh-akeh. Cukup iki ATM sak ombyok, Cek sak gebok.”

“Lha aku?”

“Iki peno, limang atus ewu ae.”

“Kok akeh?”

“Ngertio, onok tugak ngrayu Besut.”

“Soal Rusmini ta?”

“Olaopa, topeng. Sing crewet dewe Besut. Nek jik onok Besut, gak mungkin mlaku rencanaku. Yok opo carane Besut cekne mulih. Warahen wetenge Rusmini ta weteng riko dewe sing loro. Besut kudu mulih. Sing penting, Besut gak oleh melok rundingan.”

***

“Gak lidok. Atiku wis kroso. Lapo tukang ancur-ancur iki kok nggupuhi nang Wayang Topeng. Tibake gak salah. Mangkane nggolek nggon ndepis, gremang-gremeng, ngrundhing barang kaelekan. Untung ae konangan.”

“Salah tompo koen, Besut, Lurahku. Karepku apik, elok ngramut Wayang Topeng, cek tambah jreng.”

“Peno karo Man Gondho iki kok gak iso leren dadi bedenggik, gak waras-waras, gak kapok-kapok. Omongan peno karo wis tak rekam.”

“Anggitmu penyanyi, ta?”

“Gae barang bukti omong-omongan gak bender, Wis gak kesuwen. Tak tilpune Pak Kapolsek, rencana melok rapat iki. Cek gak lali nggowo borgol loro.”

“Ojok Sut!”

“Ampun Sut. Besut Lurahku. Karepku apik, lok-melok ri-uri Wayang Topeng cek tambah jreng.”

“Apik apane? Uri-uri ta orot-orot, orat-arit. Kabeh wong adoh-adoh mrene pingin urip-urip, uri-uri tinggalane leluhur; peno malah pingin murak, pingin golek bathi. Anggit peno bancaan ta? Kabeh wong mikir, yoopo carane tetep langgeng, lestari. Niat peno iku wis kriminal, pikiran bromocorah ancene. Wis. Pulisi ae urusane.”

“Ojo, Sut. Iki limang juta gae awakmu.”

“Aku pamanmu, Sut…”

“Aku pamongmu, Lurah Besut.”

“Gak ngurus.”

“Nek aku mati nduk ukuman yoopo?”

“Bah. Onok wong gak nok kapoke.”

“Tak itung ping limo, gak mulih, telung menit pulisi teko. Ji, ro, lu.”

Buku dan Merchandise