Puli ta Pungli?

“Lha yo, ngguk ndi-ndi ngomongno pungli. Iku lho barang kawak.”

“Yo cek onok jladrenane wong cangkrukan, wong ngopi sing mblader sak paran-paran, wong WA-an, wong BBM-an, lan liyane.”

Krupuk puli rasane gurih,
Sopo sing nglarang gak ruh rasane
Duwik pungli rasane gurih
Sopo sing nglarang gak ruh rasane

“Bendher Cak. Lha nek gak gae puli, gae opo maneh aku? Iku usaha keluarga kit mbah-mbah biyen.”

“Lhe, maksude ga ngunu.”

“Gak ngunu yoopo? Isoku nggae puli thok. Puliku kesuwur gurih tur enak-e.”

“Sing diomongno duduk puli!”

“Gak ngurus lambemu. Ancene nggae puli iku nganggo bleng. Jarene podho karo borak. Bahaya nang kesehatan. Tapi nyatane gak nok wong mati polane mangan puli. Iyo biyen onok kethek. Saiki sumbere nduk Alas Kemlagi ditutup Perhutani. Polane wong nyolong kayu mesthi mblandhong cideke sumber kethek. Malih sumbere ditutup. Gak oleh dijupuk maneh. Sopo sing salah nek ngene iki?”

“Yo awakmu. Wis salah, diilingno ngeyel.”

“Salahku opo…”

“Oalah.. wong salah gak kroso.”

“Aku gak mati roso.”

“Tapi dikandani gak nyaut-nyaut.”

“Gak nyaut yoopo? Aku krungu kidunganmu. Kupingku iki jik tengen…krupuk puli rasane gurih… sopo sing nglarang gak ruh rasane… lak ngunu se?

“Bender, lha teruse?”

“Gak ngurus.”

“Gak ngurus yoopo se, Cak. Sing peno sebut iku lak sampirane kidungan. Lha teruse iku sing penting, soale isine.”

“Isine opo? Isine puli ta?”

“Isine kidungan yo parikan Jombangan.”

“Gak ngerti aku. Opo unine?”

“Lha temenan gak nyaut.”

“Gak tak reken. Urusanku bendino puli. Se, opo maeng?”

Duwik pungli rasane gurih.. Sopo sing nglarang gak ruh rasane.”

“Mosok duwik onok rasane?”

“Yo duwik pungli gurih rasane.”

“Tau kok dilat ta?”

“Rosone duwik iku gak nduk ilat, tapi nduk ati.”

“Opo se pungli iku?”

“Duwik pungli iku yo duwik men-menan, duwik dulitan, duwik entresan, duwik sing dijaluk nduk njobone aturan.”

“Duwik persenan?”

“Duduk, nek duwik pwesenan lak karepe sing ngekeki, duwik pungli iku teko karepe sing njaluk. Dadi petugas gak oleh njaluk, narget, mrosentase. Iku pungutan liar alias pungli arane”

“Lha nek iku wateke jaman. Kit jaman gak enak sampek jaman enco ngene iki, tetep onok. Gak iso ilang.”

“Gak iso ilang yoopo, se? Yo kudu ilang!”

“Kudu ilang, tapi gak iso ilang.”

“Lha lapo?”

“Soale Pengeran Kang Murbeng Dumadi jik nggawe neroko. Lha nek gak nok pek-pinek barange liyan, neroko lak gak nok isene. Geni neroko munclak-munclak iku butuh urup-urup. Awale wong sing dowo tangane lan dowo lambene, salah sijine gae nguurupno geni neroko.”

“Lha kok ngunu?”

“Lha yoopo katene gak. Mlebu sekolah ae saiki nyogok, kate nyambut gawe nyogok, nggolek jabatan nyogok, ngurus rabi nyogok, ngurus pegatan cek cepet nyogok, karya tulis tuku…”

“Lha sing salah sopo?”

“Yo mbuh. Wong Lurah Besut sing dikenal jujur ae saiki yo arep sogokan.”

“Ojo mitnah. Sak ruhku Cak Besut tetep koyok biyen.”

“Gayane thok. Pilihan perangkat wingi, daftar thok wis ditarik sak juta. Iku durung dijamin kepilih. Nek kepingin dadi, mbayar neh lipet pitung puluh.”

“Mokhal iku. Aku meh bendino karo Cak Besut. Jare sopo peno?”

“Ponakanku Trimo ditarik Man Gondo, jare dikon Lurah Besut. Alasane Besut melok lurah-lurahan entek akeh. Saiki nggolek pulihan.”

“Trimo? Iku akal buluse Man Gondo. Gak mungkin Cak Besut nglakoni ngunu. Ancene gak kurang rakyat sing melok salah. Nek onok calon gak ngekei duwik, jare mleki, opo maneh tambah ngentekno sembarang kalir, nek dadi lurah, ”

“Temen Trimo ngomong ngunu.”

“Tak urus iki.”

“Urusen, cek karuan jelase.”

***

“Assalamualaikum Besut.”

“Waalaikum salam. Kadu ngaren, Man Godo.”

“Kadu ngaren yoopo karepmu? Aku mrene polane kok celuk.”

“Gak, kudu ngaren kok uluk salam barang. Biasane lak mbludhus mlebu karo bengak-bengok.”

“Wong tumindak apik, kok paido. Wong mursal tambah kok seneni entek ngamek kurang nggolek.”

“Iku lak proso peno, se Man.”

“Onok perlu opo ndang diomongno, aku selak onok gawene.”

“Onok perlu opo kok kesusu-susu?”

“Selak lungo karo kancaku.”

“Sopo? Sumo Gambar iku ta?”

“Bah Sumo Gambar bah sopo…”

“Nek jik kumpul Sumo Gambar ae yo ngene iki dadine.”

“Dadine,,,dadi opo? Dadi gawemu ta aku saiki?”

“Yo, jik dadi gaweku.”

“Kapan aku njaluk blonjo lan sambat awakmu?”

“Ancene gak tahu jaluk blonjo. Malih gak tau sambat. Tapi…”

“Tapi opo?”

“Jik nggowo jenengku, Lurah Besut.”

“Nggowo jeneng yoopo? Jenengmu gak payu saiki.”

“Ngunu ta?”

“Ancene.”

“Peno tau trimo ta?”

“Trimo opo? Trimo sopo?”

“Trimo duwik teko Trimo…”

“Gak trimo, duduk Trimo.”

“Peno kok mbingungi?”

“Temen aku gak tau nrimo opo-opo teko Trimo.”

“Sing ngarani sopo?”

“Aku gak tau pethuk Trimo.”

“Ngunu ta?”

“Aku gak trimo nek kok arani nrimo opo-opo tekan Trimo.”

“Mo, Trimo, mlebuo.”

“Ojok Mo, ojok….aku gak kenal awakmu Mo.”

“Hmmm…”

“Duk aku, Mo, duk aku, Sut…”

“Lha terus sopo?”

“Sumo, Sut, Sumo Gambar… .”

“Jare Trimo peno sing nrimo?”

“Yo, tapi dikongkon Sumo.”

“Peno dibagei?”

“Iyo separo kurang, Sumo separo luwih.”

“Oalah, Man. Peno kok kit biyen isin-isini Rusmini ae se, Man… Olaopo eno gowo jenenge Cak Besut nek mbijuk wong…”

***

“Assalamualaikum, Cak Sumo.”

“Waalaikum salam, Besut Lurahku”

“Diluk ae, Cak. Iki gak nok tepo seliro, neh.”

“Masalah opo, Sut?”

“Aku nemu dluwang suwekan. Iki lak tulisan peno.”

“Lis-tulis aku gak iso apik, Sut. Koyok cekeremes.”

“Lha yo iki tulisan cekeremes. Tulisan peno, se?”

“He…nemu nduk endi? Man Gondo iki sing nggowo.”

“Daftar jenenge gae opo peno?”

“Iku gae dang-undang syukuran bayi putuku.”

“Sing kok undang cumak rolas. Iki lak sing wingi melok daftar perangkat, pamog dess.”

“He….”

“Kabeh peno jaluki duwik, jare aku sing ngongkon.”

“Duk aku. Man Gondo.”

“Duwike sing akeh kok nang awakmu.”

“Man Gondo nyaur, duwe utang aku akeh.”

“Pak Babinsa…”

“Ojok Sut, Lurahku.”

“Bah. Bolak-balik. Gak nok kapoke.”

“Mati aku, Besut Lurahku…”

“Dibui ae Pak Dan. Ojok oleh klamben, cek mati dikrubung lamuk.”

“Kapok, Sut Besut Lurahku.”

“Ojok Sut…”

“Gak ngurus. Gak nok wong sing kroso kelangan peno. Kabeh wis jembek, malah nyukurno.”

“Gak tak baleni, Sut. Ojok dibui…”

“Mangkane, wong iku ojok elek bethithete. Peno tutup-tutupi, kaelekan mesti kebukak. Ojok ngoyo-ngoyo nggolek duwik karo coro elek ngunu. Jare Man Gondo, sebagian nggawe model anyar?”

“Model anyar yoopo?”

“Calon Pamong kok kongkon nggae rekening sak ATM-e. Kok kongkon ngiseni, terus diserahno awakmu liwat Man Gondo?”

“Lha cek gak kecekel Saberpungli.”

“Endi saiki?”

“Mari tak jukuk, tak obong.”

“Kebacut peno, Cak Sumo.”

“Wis kadung. Kok sepuro ta aku? Gak tak baleni.”

“Gak. Klambine copot. Suwalan thok ae. Melok aku nang Balai Desa.”

“Sut…”

“Nek gak gelem, cek diglendeng Saberpungli nang Polsek. Pasal Penipuan”

“Ampun. Tak saurane duwik rosokan.”

“Percuma menungso rongsokan ngrusuhi tatanan. Diimbu ae nduk buen.”

“Kapok gak ilok, Besut Lurahku….”

“Aku pamanmu Sut!”

“Ngriki Dan. Njenengan sekseni. Pisan kas mbaleni, termasuk gae duwik pajek, langsung diborgol. Nek gak gelem nang Polisi, diborgol nduk cagak gender, sak minggu.”

Plandi, 22 Maret 2017

Lainnya

Sekolah Mbarek Zonasi

Gak Njabat Gak Bongko!

Sastra Ta Sastro?

Niato Golek Rejeki Kalal

Ndhang-Undhang Anyar Gres

Cekne Payu Ayo Diayu-ayu

Buku dan Merchandise