Niato Golek Rejeki Kalal

“Aku bingung Cak Besut.”

Kuwawung ngrokoti jagak, lha nek peno bingung Guk, gocekono cagak.”

“Iki gak bingung nggliyeng, Cak. Aku bingung mikir anak.”

“Oalah Guk. Mikir anak kok ngantek bingung. Anak peno lak jik tas lulus sarjana se?”

“Lha yo Cak, gak nok marine.”

“Wong urip iku yo ngunu. Lakonono klawan seneng, lapo kok ngantek bingung.”

“Biyen kepingin kuliah, aku nganti nyungsang njempalik nggolek biaya.”

“Yo mesthi ae. Jer Basuki mawa Bea.”

“Tapi lak iso ngantek lulus se, Guk…”

“Iyo yoan. Padahal nek dipikir nyambut gaweku yo nduk dalan ngene iki, gak nduwe bayaran sing mesthi. Nyatane yo isok lulus koyok anake wong sugih-sugih iko.”

“Kanggo niat apik Guk, Pengeran mesthi melok tanggung jawab. Iso nyekolahno anak nganti sarjana, kanggo wong ndesa koyok awake dhewe iki, wis apik Guk.”

“Jane yo ngunu. Tak pikir mari lulus, wis mari tanggunganku. Nyatane saiki bingung maneh. Mangkane aku sambaing mrene maeng nggolek gocekan.”

“Aku duduk cagak, Guk.”

“Omongan peno ibarate koyok cagak, Cak Besut. Nggarakno tenang pikir, mbarai adem ati. Nggarakno jejeg ngadekku.”

“Ah, peno iku onok-onok ae, Guk.”

“Temen iki Cak.”

“Lha terus peno bingung maneh polane opo?”

“Anakku lanang Cak. Sarjana, umure yo wis cukup.”

“Kate peno rabekno ta?”

“Rabi, rabi… Durung nyambut gawe kate rabi. Anak bojone dipakani suket ta?”

“Lho sopo ruh anak peno wis cekel penggawean.”

“Yo iku masalahe. Nggolek penggawean angel por.”

“Nduk ndukure bumine Pengeran, diparingi tangan, angger gelem cawe-cawe mesti diparingi rejeki. Lambene menungso disuwek, Sing Nggawe Urip mesti melok tanggung jawab ngiseni panganan.”

“Peno iku mesthi nggampangno urusan.”

“Nek percoyo kasih sayange Pengeran, urip dadi entheng.”

“Yo anak peno kongkon nyambut gawe. Lulusan guru saiki dalane jembar. Mulang nduk sekolahan ta nggae les-lesan.”

“Dalane jembar tapi lulusane yo akeh pol. Tetep royokan. Ijire wis bolak balik anakku nglamar, tapi bek kabeh. Nyobak melok tes guru pas onok lowongan, tapi ketempus. Sing ditrimo malah kancane sing biasa ae, gak pinter koyok anakku.”

“Pinter iku ojok mok peno delok nduk bijine, Indeks Prestasine.”

“Lha opo gunane biji apik?”

“Kadungaren anak peno bijine apik? Biasane peno sambat ae.”

“Yo mbuh, Rah. Onok kancane sak bangku anake wong gak nduwe. Anakku sakno, sering ditraktir. Mangan ae meh dijamin anakku.”

“Lha biji apike yo ketularan kancane iku, dadi gak asline. Pas dites malih ketok asline.”

“Lha gae opo biji apike anakku?”

“Yo akeh gunane. Tapi biji akademise apik duduk siji-sijine faktor. Tes pegawai ngunu sak liyane tes akademis termasuk pengetahuan umum, yo onok tes kepribaden. Sing diukur niate, semangate, jujure, lan carane sesrawungan.”

“Kok angel se Cak?”

“Maksude yo cek oleh tanaga pegawe sing paling apik. Lha masio bijine psdha-padha sak kancane, tapi nek pas tes wawancara, anak peno suguh esem gak mbethuthut, omongene lembah gak koyok nylathu, karepe sak madya gak anggak-anggak, lan sak piturute; yo akeh ketrimone.”

“Lha anakku iku bapakne ae disentak bendino. Tapi onok kancane sing atos omongane yo ditrimo.”

“Awake dhewe gak iso ngarani, wong gak ruh, cumak jarene-jare. Dadi gak perlu melok kadohan.”

“Lha terus yoopo?”

“Yo dicobak neh. Jik pisan, gagal iku biasa. Ponakaku tes ping limo kawit ketrimo. Kudu tetep semangat, takon rono-rene nang sing wis ketrimo. Ojok oleh gampang getas atine.”

“Tapi Cak, aku krungu-krungu sing katut iku mbayar.”

“Ojok suudzon, gak perlu nyongko elek. Wong awake dhewe iki yo gak ruh, cumak warto semriwing.”

“Lho iki temenan. Aku malah wis ditawani.”

“Sopo sing nawani?”

“Yo jarene konco pleke panitia.”

“Gak nok iku Cak. Sing onok iku wong golek untung-untungan, wong spekulasi, tembung bek-bekne…”

“Wah Peno iku ketinggalan jaman Cak.”

“Jaman Edan ta?”

“Tapi nek gak melok edan yo gak keduman.”

“Ngertio Guk. Tapi sak beja-bejane wong sing edan, jik bejo wong sing kelingan. Dadi sing penting tetep iling lan waspadha.”

“Lha aku ditawani.”

“Ditawani mbayar cek ketrimo, ngunu ta?”

“Karepe ngunu.”

“Ati-ati Guk. Wong cobak-cobak golek untunge dhewe kemliwer saiki. Sing ditawani ngunu iku gak peno thok. Puluhan, bahkan atusan wong sing ditawani.”

“Kok akeh?”

“Tambah akeh sing datawani yo tambah gedhe kesempatan oleh duwik. Peno dikon bayar ngarep ta mburi?” 

“Oleh ngarep, oleh mburi. Tapi sing bayar ngarep kesempatane luwih gedhe.”

“Mbujuki iku Gok. Dikon mbayar piro?”

“Jare nek biyen jik puluhan yuta, saiki atusan.”

“Aku gak yakin Guk. Iku spekulan, wong mok bek-bekne. Nawani wong seket, ketrimo loro ae nek ping satus juta, wis rongatus juta. Padahal deke gak usaha opo-opo. Mosok ketrimo-ketrimo dewe kudu mbayar wong nganggur. Kate bejo malih apes.”

“Mosok se Cak?”

“Yo Guk. Misale peno turuti mbayar, anak peno ketrimo, rejekine anak peno ilo gak halal, gak nok barokahe. Podho karo njukuk rejekine anak putu. Soro tibo turun peno.”

“Ah peno iku medeni ae Cak Besut.”

“Iku anggepanku. Awak peno gak ngandel yo gan nok sing nglarang. Ponakane koncoku wingi yo ketrimo nyambut gawe. Sing siji mbayar selawe yuta, cacakne mbayar sangang puluh yuta.”

“Halal ta haram iku?”

“Yo embuh Guk. Jarene gae pelatihan. Adike pramugari, cacakne pilot.”

“Montor muluk opo?”

“Jombang Airways.”

“Kok iso?”

“Karepe areke gedhe. Cilikane sering njaluk numpak montor muluk nduk Tirta Wisata. Embuh karepe gak isok dipenggak.”

“Sarjana ta?”

“Gak, lulusan SMK.”

“Isok yo SMK?”

“Yo kisoen. Sing penting arek duwe karep, akas, jujur, disiplin, tur gak lali Pengerane.”

“Anakku mbeler tangine, sembahyange, kongkonane alot.” 

“Opo maneh ngunu. Usaha wis dilakoni, kari ndungo lan pasrah satus persen nang Pengeran.”

“Pasrah sing yoopo?”

“Awakmu lak apal Surat Ikhlas?”

“Gak apal.”

“Mosok? Qulhu, Qulhu!”

“Nek Qulhu yo apal.”

“Artine?”

“Yo gak apal, tapi kira-kira thok. Allah iku siji. Ahad lak siji se?”

“Terus, Allahush shomad?”

“Wah iku lali.”

“Allah iku panggonane awake dhewe nggandhol, nyenthelno nasib.”

“Padane klambi ae.”

“Maksude ojok pasrah, njaluk tulung, lan nyerahno urusan nang liyane Allah. Dianggep nyekuthokno Pengeran, blaen awakmu.”

“Ngunu thok?”

“Nek wis srah-pasrah nang Pengeran, ojok tanggung-tanggung, ojok agem-agem kemrunggi. Pasrah bongkokan. Pengeran iku nuruti krenteking atine sing nyuwun. Nek peno gak patek yakin, yo jelas gagale.”

“Ngunu thok? Entheng la-an.”

“Ngunu thok yoopo peno iki. Pasrah iku gak gampang. Nek perlu peno ewangi poso, sholat dhuha sing temen, sedekah sak ikhlase, ngilangi kelakuan sing e;lek-elek…”

“Wis, wis, wis… malih abot ngunu.”

“Abot entheng iku relatif, berangkat teko niat. Nek gelem lakonono. Nek disawang thok yo koyok awing-awangen. Tapi nek dilakoni kelawan ikhlas, Pengeran sing enthengno nduk ati peno.”

“Olahak cak Besut, dungakno ae aku iso nglakoni.”

“Yo Guk. Mugo-mugo dadi dalan peno. Amin.”

“Amin Ya Mujibas Sailin.”

Plandi, 20 September 2014

Lainnya

Sekolah Mbarek Zonasi

Ndaptarno Sekolahe Anak

Pemetaan Iku Ndas Dipethak Ta?

Bingung Kate Kuliah Nang Ndi

Puli ta Pungli?

Ndhang-Undhang Anyar Gres

Buku dan Merchandise