Mbangun Reng-Bareng

Kate susuk nang Gedhangan, isuk-isuk ngeterno undangan. Iki, Mo. Undangan edarno, dikon lurah.”

“Man Gondo, Man. Lurah Besut ponakanmu, tah-prentah aku ndang-undang. Urusan opo, Man?”

“Rapat bekne Mo. Klumpukan. Pamonge lak awakmu, aku iki wis bayan dongkol.”

“Wis ruh aku puk-klumpuk. Urusane mbakas opo? Peno lak sak omah, bekne ruh omonge.”

“Yo mbakas mbangun desa, paling. Besut iku gendheng mbangun. Sak jek dadi lurah, gak tau let, mbangun terus.”

“Mbangun desa ae kathik dibakas karo wong akeh. Serahno Sumo ae, beres. Bayan kit nom iki, soal mbangun, wis penggaweane. Sing penting, endi duwike, tak ijenane, gak kakehan sing mangan. Peno ojo kuwatir Man Gondho, tak bagei.”

“Karepku yo ngunu. Nek urusan mbangun, awakmu lak yo wis kapalen.”

“Urusan mbangun cilik. Undangane gak usah disampekno yo?”

“He, ngawur ae. Iki perentahe Lurah Besut. Masio ponakanku, kerase gak ngadubilah. Ambekan Mo. Saiki jamane wis gak koyok biyen. Urusan opo ae, nek gak nglibatno masyarakat, blaen. Kepingin dikrumpyung wong akeh ta? Sak iki arek nom-noman ae wani ngelokno pamonge.”

“Oalah, kate mbangun ae kabeh diundangi, tambah panen rame. Rapat thok ae saur-manuk. Lha mbangune opo gak tambah benceng-cueng? Kabeh duwe karep we-dhewe.”

“Yoopo maneh. Yo wis budhalo kono, ndang undangen kabeh nurut jenenge. Kabeh iku makili unsur masyarakat, pamong, lembaga desa.”

“Margin karo Nukik gak usah diundang yo?”

“Undangen! Engkuk aku maneh sing kenek umbreng-umbreng.”

“Peno iku kebacut Man. Nek arek loro iku diundang, awake dhewe iso matek iyek bongko iyo. Penggaweane ngrusuhi wong. Gak seneng atine nek onok wong liyo seneng.”

“Tapi Lurah Besut seneng arek loro iku. Kritis jarene. Mangkane, ojo Mo. Undangen! Tapi aturen, yoopo carane cek gak teko. Paranono pas deke gak nduk omah. Apen-apen takono nang bojone. Margin ta Nukik onok ta nduk omah? Nek dijawab gak onok, omongono, sak jane onok undangan nang Balai Desa, tapi gak penting. Nek repot ta pegel, gak teko yo gak opo-opo. Rapate cumak omong-omong blek.”

“Ngunu ta, Man ? Tak warahe cumak kruk-cangkrukan. Ngomong nek urusan sepele.”

“Yo, ngunu ae.”

“Bondet maling, Sudrin bandhar uthuk, Srinthil arek nakal; lapo kathik diundhang barang? Gawene ngrusuhi, sin-isini kampung. ”

“Lha yo mbuh.”

“Gak usah diundang yo. Engko diarani kene nyetujoni kelakoane.”

“Tapi undangen. Aturen yoopo cek gak teko.”

“Arek nom-noman, Karang Taruno, Remaja Masjid, Kelompok Pemuda Produktif; durung wayahe dijak.”

“Aturenlah. Sing nganut ae gak popo diundang temen.”

“Dok-wedok laopo melok diundang?”

“Pokoke aturen.”

Beras utah mangbengi ilo, kok bekuthuren!

“Lho Sut?”

Diperintah ngundangi, kok omong pokoke aturen. Karep peno yoopo?”

“Lha lo-bolomu thok Sut sing tukang ngeyelan. Nek diundang kabeh, rapat gak ri-mari.”

“Kelakuanmu pancet ae, Mo. Yo kabeh para pemangku kepentingan nduk desa kene diundang. Desa iki desane wong akeh. Nek kate mbangun yo kudu jaring asmara disik.”

“Opo Sut, awakmu njaring asmara. Wis nduwe Rusmini, awakmu kate ta-cintaan maneh? Wis gak arep Rusmini ta? Ngomongo. Aku siap ngramut.”

“Gak nok urusane karo Rusmini. Jaring Asmara iku jaring aspirasi masyarakat. Cekne ruh isi ati, karepe masyarakat akeh.”

“Nek krungu asmara, atiku iling kok larani. Rusminiku kok pek.”

“Sing ngepek yo sopo? Rusmini dhewe sing gak gelem pedhot karo aku.”

“Lha terus olaopo kate mbangun desa ae kabeh kok undangi, wong apik wong elek kok klumpukno.”

“Lha karep peno yoopo?”

“Aku iki kepingin desa iki tentrem. Nek nganut awakmu, rapat iki rame isine. Ker-ekeran thok.”

“Kuwalik mikir peno, Cak Sumo.”

“Maksudmu?”

“Masio maling, tukang main, arek nakal, arek nom-noman, bolo-bolo wedok; iku yo wong, iku yo warga kene. Kabeh yo kudu ditakoni opo sakjane isi atine, opo karepe. Sing peno arani wong-wong elek maeng, gak mungkin biyen cita-citane yo kepingin dadi maling, bandar dadu, opo meneh dadi arek nakal. Saiki nek kok takoni, kabeh yo gak nok sing duwe cita-cita anake cek dadi koyok deke. Kepekso, Mo, kepakso.”

“Lha terus, wong-wong iku kate kok gawekno warung nakal ta villa asmara, griya judi dadu senter, pangkalan maling graha cluring; ngunu ta?”

“Mangkane nek onok rapat pamong iku peno tekoo. Iso gak nyaut blas ngenei. Nek krungu istilah mbangun iku ojok mok peno pikir sing sifate sarana-prasarana, gedung, dalan, alat. Gak iku thok. Ekonomi desa yang perlu dibangun. Masalah sosial, termasuk pendidikan, seni budaya, lingkungan; iku barang yo perlu dibangun.”

“Gae opo?”

“Ngene lho. Masio sekolahane magrong-magrong tingkat, nek gak nok muride, gurune pas-pasan, gae opo? Masio Mesjide mewah, lha nek sing jamaah gak jangkep sejinah, yo muspro. Masio Kantor Desane kinyis-kinyis koyok hotel, komputere lengkap, nek pamonge arang mlebu koyok peno, yo podo ae karo mbujuki rakyat. Masio Koperasine akeh, duwike gak kurang; tapi nek jik akeh sing kejiret rentenir, yo awake dhewe kedusan.”

“Tapi gak mungkin awakmu kate ndandani wong ndablek-ndablek ngunu iku.”

“Ojok suudzon. Kabeh wong iku mesti nduwi kaapikan, masio sak tul.”

“Lha terus?”

“Nek dijak nglumpuk, rundingan nduk ngarepe wong akeh, gak mungkin deke merjuangno kelakuane sing elek iku. Nek deke gak wani usul, paling yo meneng ngrungokno. Kepekso deke nyetujoni karepe wong akeh, minimal gak njawab. Syukur-syukur nek deke krasa diregani karo diundang iku, malah iso nemokno bendher sing sejati.”

“Kangelamun, Sud.”

“Carane kudu sabar, Mo. Tak cobake nggiring nggar thithik. Tak critakne, jaman biyen desa ini desa sing paling maju sak kecamatan. Saiki desa iki kaya ngene. Akeh apike, tapi jik onok eleke. Lha mene-mene kepingin dadi yoopo desa iki? Kabeh mesthi kepingin dadi desa sing unggul, mbuh apane. Engkuk digagas bareng. Terus yoopo cara mujudno karep iku. Ngunu Mo.”

“Padane penataran ae, kok ceramahi.”

“Lha karepmu yoopo.”

“Ojok kakehan karep ngunu lho Sut.”

“Lapo awakmu sering gak mlebu?”

“Repot Rus. Rosokanku terus teko.”

“Gedhe hasile?”

“Yo gedhe thok. Timbangane kasile pamong.”

“Nek ngunu ngene. Mene tak gawekno usulan nglereni awakmu.”

“Ojo Sud, dikot-cokot alot.”

“Repot. Pamong magak koyok peno iku.”

November 2011

Buku dan Merchandise