CakNun.com

Biasakno Mbarek Cuntuhono

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 7 menit

Wangi peno mesthi gak tau gelem kalah karo brengkesane.”

“Huaaaah… brengkesan kok wangi se, Sut? Gak enak-enaki wong turu ae.”

“Wangi peno yo pol koyok brengkesan pindhang.”

“Isuk-usk ngenyek. Pingin tak gibeng ta?”

“Gibengan tangan peno yo koyok laler menclok. Wong tangan peno sak guthik ngunu. Maksudku gak ngunu.”

“Lha karepmu?”

Tangi peno, mesthi gak tahu menang musuh srengenge.”

“Karipan Sut!”

“Nomor siji, peno iku gak iso nyuntuhi sing nom. Pindhone, tangi lan turu iku kudu dibiasakno. Jam biologis jare guru-guru. Nek kebiasaan turu bengi yo bengi terus. Nek kebiasaan tangi krinan, yo krinan terus. Anggit peno apik ta tangi kerdhisikan srengenge iku?”

“Ancene gak apik. Paling gak malih subuhan kadang krinan.”

“Lho yo paham yoan. Cuma gak dipraktekno. Ngerti tapi gak dilakoni. .”

“Nek peno ngongkon liyan, malih gak digugu. Iso ngomong thok, gak iso nglakoni.”

“Aku pamane bojomu, yo pamanmu.”

“Yo wis ruh, Man.”

“Lakok tutur-tutur pamanmu?”

“Gak nuturi, Man. Cumak ngomong, ngilingno. Kuatirku peno wis lali.”

“Anggitmu pikun ta?”

“Yo bekne, Man.”

“Iku arane kebo nyusu gudhel.”

“Peno kebo, aku gudhel?”

“Kudune yo.”

“Aku iki wiswong, wis dadi kebo, Man. Peno yo kebo, tapi wis tuwek. Pikun, dadi balik koyok gudhel.”

“Onok ae alasanmu.”

“Tapi jaman kemajuan saiki, gak nok salahe sing tuwek iki njaluk diwulangi anak putu.”

“Nek aku yo emoh, Sut. Tak dekek endi raiku?”

“Lha peno wingi gak iso sms, lakok ngongkon putu peno.”

“Ngongkon lak mrentah. Lumrahe wong tuwek mrentah sing nom,”

“Kok gak njaluk wuruk ae?”

“Gengsi, Sut.”

“Iku nang-dhe, njaluk menange dhewe.”

“Sak karepmu oleh ngarani.”

“Iku arane gak jujur. Omongan angger pokoke. Ati, omongan, lan laku peno, gak puk. Mbujuki thok!”

“Mbuh!”

“Sido melok ta peno? Ndang adus.”

“Nang ndi?”

“Lho pikun. Nang kumpulan guru, dikon ngisi.”

“Koyok biyen? Melok!!!”

***

“Lha nggih Dik Guru, kulo engkin wicanten nopo?”

“Nggih crito model Besutan mawon. Miturut Njenengan, Besut niku maknane Mbekto Maksut.”

“Pancen ngoten, namung biasae ngomong ten abrakan, sak niki ten sekolahan.”

“Sami mawon. Wong niki nggih karepe guru-guru piyambak.”

“Oalah, nggih pun. Tapi mangke sing dangu malah omong-omong parikeno mawon.”

“Mboten nopo-nopo. Mbahase nggih soal Ajar Budi Pekerti ten Sekolahan.”

***

“Sak lajengipun adicara Omong-omong Blek kalian Pak Besut. Pak Besut kalian bolokrowonipun kulo sumanggaaken.”

“Assalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh.”

“Waalaikum salam warohmatullahi wa barokatuh.”

“Kompake, kados lare TK.”

“Ha ha ha…”

“Ten ati kulo wau ndungaaken Sampean sedaya, Pak Guru lan Bu Guru, supados angsal rahmate lan barokahe gusti Pengeran.”

“Amin.”

“Supados mucale lancar, rejekine lancar, silaturrahmine lancar, kompak gak rasan-rasan, tur barokah kabeh.”

“Amin Ya Mujibas Sailin.”

“Lha Sampean sedaya wau, nggih ndungaaken kulo sak konco, nopo asal muni mawon?”

“Ha ha ha…”

“Lha nek Sampean kabeh dadi Bapak Ibu guru kebiasaan muni gak teko ati, blaen ndunyane pendidikan.”

“Ha? Maksute?”

“Maksud kulo, kebiasaan nggah-nggih gak kepanggih, asal muni, utawi ngomong gak karo ati. Niku mboten jujur namine, malah kinging diarani ndamel dulinan liyan. Lha ngoten niku mboten saget dados modhale mucal anake tiyang. Omongane mboten saget digugu lan lakune mboten saget ditiru.”

“Njero sanget Pak Besut…”

“Mboten jero, cithek jane. Sederhana kok. Niku pun dadi wateke tiyang Jombang. Awake dhewe kedah brah-breh, bloko suto, ngomong nopo anane, mboten dikurangi. Dados, omongan saget digugu kalian siswo lan sak konco.”

“Mboten gampang, Pak Besut.”

“Saget dibiasaaken. Ugo ingkang dilampahi nggih kedah cecek kalian ati lan omongane.”

“Abot Pak Besut.”

“Nggar kedhik, mesthi saget.”

“Contone mawon, Boso Jowo diken mucal malih ten SMA lan SMK, padhahal pados guru sing saget lan purun ewet.”

“Awake dhewe niki lak tiyang Jawa. Basa Jawa kangge SMA lan SMK lak nggih ngoten niku. Wong ilmu katon mawon, saget dipadosi. Mosok awake dhewe wong Jowo kate lali jawane. Purun diarani gak jowo?”

“Nggih mboten, Pak Besut.”

“Lha mangkane. Lare-lare dibiasaaken mawon ngangge ungel lan trapsila miturut budoyo Jowo. Cek nggadhah unggah-ungguh.”

“Jane.”

“Aku siap ngganteni.”

“Yo gak popone nggih ngoten, tapi mboten gampil.”

“Kit wau gak gampal gak gampil mawon. Bismillah dilakoni sinambi sinau. Mucale nggih sing praktis-praktis mawon, pun ndakik-ndakik kados jowo kulonan. Ajar basa pun ndadosaken beban awrat kangge siswo. Didamel laku-ajar kelawan gumbiro.”

“Lak percuma mawon, Pak Besut?”

“Nek njenengan niat apik, ngamalno ilmu, mboten wonten barang muspro, mesthi migunani.”

“Waduh, yok nopo..? Jane Basa jawa niku lak Mulok gandhengane Kurikulum 2013? Sak niki pun mboten perlu. Niku criyose Bapa Pengawas.”

“Tapi Pengawas lintune majibaken.”

“Jane kula nggih mboten pados paham bab kurikulum. Cumak, pas nderek Konggres Budaya jawa Timur ten Candrawilwatikta malih rade ngerti.”

“Dos pundi niku Pak Besut?”

“Sing kula pirengaken saking Dosen Uinversitas Negeri Malang, sing kelepatan dados Tim Penyusun Kurikulum Muatan Lokal Basa jawa. Piyambake criyos ngeten. Kurikulum 2013 sing nggagas, nyusun, lan netepaken niku Pak Mentri, nggih Pak Nuh riyin. Lha menawi Mulok Basa jawa singga nggadhah karep lan majibaken niku Pak dhe Brengos, nggih Pak dhe Karwo. Tujuane nggih unggah-ungguhe nggih budhi pekertine siswa supados mboten mrihatinaken. Lha sak niki nek sekolahan balik ten kurikulum lawas, Basa jawa nggih tetep diwucalaken.”

“Ngoten ta Pak Besut?”

“Leres Pak Besut. Mboten baen-baen niki. Pak Gubernur ngangge ngedalaken Pergub nopo Perda ngoten. Menawi sekolah mboten nurut, nggih mangke menawi nggadhah karep nggih mboten dituruti.”

“Lha niku. Konco Sampean nggih nerangaken. Tapi nggih niku, mangke menawi mucal pun tiron basa kula. Kula niki tiyang tunilan, nggih tiyang ludrukan. Basane sak mecothote. Nggih kumpul bareng, sing ngerti ngajari sing dereng paham.”

“Nggih pak Besut. Berarti nguripaken MGMP Basa Jawa malih.”

“Nopo niku MGMP?”

“Musyawah Guru Mata Pelajaran Sejenis.”

“Lha napane, pun wonten kelompok musyawarah ngoten. Angele ten pundi?”

“Angele nggih nglempake.”

“Diniatilah Pak Bu Guru.”

***

“Nek miturut Njenengan Pak Besut, yok nopo carane ajar ingkang nyenengake?.”

“Gampil. Pokoke pun nyusahaken siswa.”

“Nggih pun semerap. Tapi yok nopo carane?”

“Kula mangke kuwalat, Pak Bu Guru. Pelawak kok ngajari guru. Mboten ilok!”

“Mboten wonten santri mangan pelok, Pak Besut.”

“Lho yo pinter paribasan. Umpomo diwalik yok nopo? Kulo tak mucal.”

“Kebendheran, tem sekolah kulo mawon.”

“Tapi lawakan kulo ten panggung Sampean gentosi.”

“Ha ha ha…”

“Maqome dhewe-dhewe Pak Bu Guru. Ditari ijol-ijolan malah ngguyu. Kuatir TPP-ne tak pek.”

“Ha ha ha…”

“Anggite tanggapan nduk panggung bekne, diguyu terus?”

“Carane cek saget nyenengno murid yok nopo.”

“Didumi duwik.”

“Ha ha ha…”

“Ngguyu maneh. Ngeten lho Pak Bu Guru. Pokoke Sampean pun ketingal dados gendruwo utawi wewe gombel. Ajrih siswane. Se cobi, Sampean mesem sedaya.”

“Plenges. Lho yo tambah ayu lan nggantheng lho yoan. Ngunu kok angel men dikon sumeh nek mulang.”

“Nglamak siswane Pak Besut.”

“Ndurung dijajal, komentar. Pun sak niki Sampean pirengaken. Jare Mbah Ki Ajar Dewantara, piwulangan niku namung ndamel siswane purun: niteni, nirokno, netheli, lan nambahi. Nek muride thithik Sampean seneni, pecicili, nopo malih disentak; mboten mungkin saget niteni, nirokno, nopo malih netheli lan nambahi.”

“Tapi rame mawon, nek mboten disentak, mboten sirep.”

“Sampean iki paling turune Mak Lampir.”

“Ha ha ha…”

“Nek murid rame nggih pun dimulai pelajarane. Iku berarti dereng sami frekuensi utawi gelombange. Umpomo radio jik kemresek, tivi jik mblureng. Dadi wajib dipadakno sik gelombange. Paling nggak sampek lima menit.”

“Carane yok nopo?”

“Dicritani sing menarik, sak menit ae. Utawi diken maju setunggal, ditakoni sing nganti kedemok sisi menungsane. Pun pak bu Guru, dereng jelas bayarane.”

“Ha ha ha…”

“Utawi conto pas kulo nderek Konggres riyin. Dicuntuhi mulang Bab Cerkak, Cerito Cekak,”

“Oh kelas kalihwelas niku.”

“Lho yo apal wisan.”

“Lha mesti ndamel Persiapan Mengajar.”

“Kabare Guru TPP sibuk gawe persiapan, tapi ngajare sak kobere? Guru Profesional kualitas mulange tambah mlorot. Kedusan Pak Guru.”

“Lha laporane mboten entek-entek. Nopo malih prosedur mbiji, njlimet, ruwet, telas-telasi wekdal. Akhire nggih kathah-kathahe ngaji.”

“Kok malah ngaji?”

“Ngarang biji. Nek biji akhir pun ketemu, kantur urut ten ngajeng.”

“Lha kuddune proses niku lak urut ten mburi?”

“Jane, tapi mboten nututi. Nopo malih boso Jowo niki naming kalih jam. Menawi mucal 26 jam, berarti mucal 13 kelas. Entek wekdal damel ngurusi administrasi. Mucali ditinggali mawon.”

“Lha sing ngatur ten ndukur niku nopo mboten tau ndelok menisor? Blaen pendidikan nek ngene dadine. Dibiayai larang-larang, tambah ngrusak generasi nom.”

“Kersane, Pak. Contone mucali Cerkak wau dos pundi.”

“Sak kelas pinten muride?’

“Rata-rata 36, Pak Besut.”

“Lenggahe pirang deret?”

“Sekawan.”

“Papane jumlahe pinten?”

“Kalih.”

“Lha papane Njenengan garis tengahe mandap, papan kalih dados sekawan bidang, cocok kalih derete bangku.”

“Terus dinapakaken?”

“Sabar, Pak Guru. Babe lak ndamel Cerkak.”

“Leres.”

“Umpomo Njenengan niki murid. Niki pas, petang deret. Kulo jak langsung praktek mawon. Siapaken kertas kalian pulpen, nggih.”

“Siap Pak Guru.”

“Ha ha ha.”

“Arek nggantheng lan ayu kabeh, ayo mulai ajar nulis Cerkak, Cerito Cekak. Tulisan sing paling gampang sak ndunyo. Cerkak iku klebu crito gak temenan, ngarang, crito sing direko-reko dewe; dadi gak perlu wedi salah. Paling pol kliru.”

“Ha ha ha. Podo mawon, Pak Guru Besut.”

“Gak podho, Le. Salah iku duso, nek kliru gak duso.”

“Jajal, lapo se wong kok nggawe crito?”

“Nyampekaken pesen, pitutur, sak pitunggalipun.”

“Pinter…yo pesen iku sing didadekno umpak, pondasi, dasare. Yo koyo nggawe omah. Lha arane nek ndunyo tulisan arane tema. Teko endi tema iku dijupuk? Nek pondasi omah yo teko lingkungan alam sekitar, watu ireng, watu kombo, lan liyane. Tapi nek tulisan teko endi?”

“Saking penguripan menungso.”

“Saking budoyo masyarakat.”

“Saking ajaran kang dipun yakini.”

“Lha muride podho pinter kabeh. Ancene wis brengosen mbarek pinter gincuan.”

“Ha ha ha.”

“Gunane pondasi, tema iku maeng gae mbatesi crito, cek gak mblakrak. Omah nek temboke oleh njobone pondasi, kari ngenteni rubuhe, kabeh wedi cidek-cidek, mundah kerubuhan. Tema crita yo ngunu Le. Nek temane iku, yo gawe bengunan munggahe manut. Saiki ayo podho ndunduk tema teko budoyo lan unggah-ungguhe urip wong Jowo.”

“Sak niki Pak Guru?”

“Gak mene ae, cek bayaranku dobel.”

“Ha ha ha.”

“Papan pun kulo pisah dadi papat. Derel lungguhan paling kiwo, nulis sebelah kiwo, lan sak piturute. Sak deret ono songo murid. Kabeh nulis, gak kudu urut. Sing wis duwe ide, nang maju ditulis.”

“Contone kados pundi, Pak Guru?”

“Murid brengose njlaprang dewe takon. Misale nduk masyarakat sekitarmu lak ono sing gak oleh dilakoni. Misale, Ojo Mangan nduk Ngarepe Lawang, Mundak Gak Payu Rabi. Utowo Nek Tangi Ojok Kedhisikan Srengenge, Mundak Rejekine Mampet.” Engko nek ono sing podo, sing nulis kari golek lan nulis maneh. Ayo, seprapat jam kudu mari, mulai saiki!”

“Pun Pak.”

“Saiki teko tema iku kembangno dadi Cerkak. Pertama yoopo dalan critane? Sopo ae tokoh critane? Wis, iso langsung ngarang?”

“Ngaitine dospundi, Pak Guru?”

“Yo direko dhewe-dhewe. Sing menarik, wong moco kit kaitan, pingin ruh teruse. Iso digambarno tokoh utamane. Umpomo tema sing prawan gak oleh mangan ngarepe lawing maeng, gambarno ayune gak nok sing nungkuli. Kabeh ndelok sak klebatan ae podho kebimbang. Dadi royokane nom-noman sak kampong. Teruse duduhno masalahe, nek perawan ayu iku duwe adat mangan nduk nirat ngarepe lawing. Cok wong liwat ngonangi. Akhire joko tulen sing kate nglamar, wurung. Ndelok mangane sak piring bek, nek kecapan koyok suwe gak pethuk panganan. Bolak-balik ngunu, akhire gakpayu rabi. Iku cumak conto. Nggawio sak karepmu. Slawe menit mulai saiki!”

“Lha niku carane mucal sing dicuuntuhi dosen riyin niko.”

“Sip, Pak Besut. Kulo angsal ilmu enggal.”

“Sak niki pun siang, kulo akhiri. Mugio manfaat.Sak niki monggo ditingali Man Gondo, Rusmini, kalian Sumo Gambar bade praktekno crito Besutan. Mangke kulo ewangi. Monggo.”

Lainnya

SMK Sekolah Mari Kerjo

SMK Sekolah Mari Kerjo

Alkamdulillah, aku isok turu.”

“Opo-o Mo, Sumo Gambar? Kepikiran opo, isok turu ae kathik muni alkamdulillah.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah

Topik